Gurit Dermayon Anyar (Mei 2009)

Minggu, 24 Mei 2009 0 komentar

YU…..PADA MILIH PRESIDEN

dinane wis ditemtokaken
rebo kaping 8 wulan Juli 2009 mangko
sira kabeh sing wis kecatet ning DPT
pada teka’a ning krobongan tepees
milih’a presiden negeri RI
wis dadi kewajibane kita sebangsa senegara
yu…pada milih presiden,
milih presiden bli pada
karo wong arep numpak mobil inden
radaan pareke paling gah wong arep tuku motor
milih esbeye-berbudi ya los
milih jk-win ya srog
milih mega-pro ya mangga
sing penting awas ning mesine
aja padu seneng bae, aja padu milih bae

pilia presiden sing ora mung janji, tapi pasti
pilia presiden sing ora ngiklani tapi masteni
bagus maning sing bli adol kebodo’an lan kemiskinane rayat
bagus maning yen bli adol keberhasilan sing bengen-bengen
kita ne dewek dadi rakyat gampang klalen
arep tuku kecap apa arep tuku bermen?

enake mah milih presiden sing sugih, tapi bli gampang ngelih
pilia presiden sing bagus tapi sing doyan adus
pilih bae presiden sing ora gampang turu
weru ning nasibeng rayat, paham ning ekonomine rakyat
arepan jangji ya pantes apal ning sanduwurureng pangaweruh

telung pasang dadu dikocok bolak-balik
dikocok diwalik, dibuka di bendet
seputeran rong puteran
seputeran sapa sing akeh rejeh
rong puteran sapa kepanjing, melu bungah
gambar pasangan ditawur senduwureng langit
sing tiba melumah pasti dadi
sing mengkureb bli wajib ganti
gambar telung pasang kudu ana sing ilang
ilang teka sepasang, ilang sepasang-pasang
sing dadi pasangan anyar tapi dudu penganten demenyar.

2009.

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum