BLAJAR MILIH CALEG

Selasa, 07 April 2009 0 komentar

dening: Nurochman Sudibyo YS.

Blajara milih mumpung lagi olih
satekane waktu Pemilu
aturane wis robah maning
priben carane kita kudu milih
kesukuran sampeyan wis pada olih hak milih
sebab bli saben wong ndueni
utamane sing umure 17 tahun, utawa wis pernah kawinan,
kecatet petugas PPS yen olih nyontreng
kanggo sing durung due hak milih tontonen bae, Pemilu 2009
teka'a bae aja isin-isin. Yen gelem awasana dhalane Pemilu
sebabe lokate ana bae sing slibuk, bulit, dolanan suarane rakyat

kanggo sing arep pada milih
manfaattaken hak milih sampeyan sebab kien kesempatane
nganggo blajar demokrasi
sebabe Pemilu dudu bae sekedar basa-basi
Pilih-en calon wakil rakyat sing pancene mampu
lan sanggup mahami aspirasine rakyat
Pilih wakil-le sampeyan aja pandeng partai-e bae
sebabe sekien dudu jamane maning perang partai
Kenalana calon sing arep den pilih, aja asal milih
Krana dadi anggota DPR iku dudu arep dadi pegawe DPR
Tapi nentuaken jabatan sing Terhormat minangkane wakil rakyat
yaiku wong sing bakal ngewakili kita ngganggo rembugan nyoal nasibeng rakyat

aja milih sing cantik yen klakuane kurang becik
aja milih sing ganteng baka gayane sok petangtang-petenteng
aja milih sing tua yen cuma bisane nempatakan eksekutif minangka dewa
aja milih sing enom baka antare ati ora pada karo cangkem
aja milih sing pinter yen omongane muter-muter
aja milih sing bego soale sebenere deweke kuh bodo
aja milih sing terkenal kadang tingkah lakune luih wong sing binal
aja milih sing sok suci sebabe ana kemungkinan deweke banci
aja milih sing lucu sebab raine pancen becata becutu
aja milih karna ndeleng deweke kaya, bisa-bisa malah terpedaya
aja milih wong miskin sebabe dewegwh durung yakin
aja milih sing katone meneng krana mentale kaya klenteng
aja milih sing kumawani sebabe deweke cuma pengen diormati
aja milih sing aduhai katone bae pandai padahal ya lihai
aja milih sing gendut yen kerjane mung nggedekaken perut
aja milih sing gering setitik-setitik krungu aspirasine rakyat malah pusing
aja milih sing penyakitan sebabe dewekw bae ngingu kewan lan setan
aja milih sing kemayu krana diadol murah gah bli payu
aja milihg sing gayane kalem padahal ning sing lagi kuasa malah sungkem
aja milih sing blesak yen tingkah lakune bae terkenal blangsak

Pilih bae sing ramah lan dudu pemarah
Pilih bae sing nyadari yen DPR kuh lembaga terhormat
Pilih bae sing mahami rendah-e perekonomian rakyat
Pilih bae sing nyadari yen rakyat kuh butuh perlindungan
Pilih bae sing ngeyakini sekien kih akeh rakyat sing miskin
Pilih bae sing sukses aja mung bisane gembar-gembor ning pimpinan ABS
Pilih bae sing akrab karo penderitaan-ne rakyat
Pilih bae sing mahami peran DPR lan rakyat-e
Pilih bae sing mengerti suara ati nuranine rakyat
Pilih bae sing siap nglanjutaken gerakan reformasi dudu mung luru komisi
Pilih bae sing gelem belajar ngupayakaken maningkate perekonomian rakyat
Pilih bae sing gemar berlomba ning kebaikan
Pilih saja yang tidak semata-mata memperoleh pekerjaan
Pilihen bae sing kupinge amba, ngrongokaken jeritane rakyat
Pilihen bae sing matane mlotot ndeleng penguasa sing kaya robot
Pilihen bae sing cangkeme lewih akeh ngomongaken kebagusan, ketimbang plesetan
Pilihen bae sing gesit nanggapi aspirasi rakyat lan ora pelit, loke plalat-plilit pikire bulit
Pilihen bae sing trengginas sewaktune ndeleng wabah penyakit korupsi ngganas

Atawa yen pada kangelan milih sapa sing kudu dipilih,
Lurua pangaweruh mumpung akeh wong bener lagi pada butuh
semedia lan dedonga sedurunge milih sapa sebenare sing kudu dipilih
aja milih wong sing bisane mbayar suarane kita
yen milih sing kaya mengkonon, aja heran yen engkone arogan
Krana suarane wis ketuku, dewekw dudu maning wakile kita,
pantese dewekw pegawai DPRD sing bisane ndodok, ngrungok lan ngomong setuju
sedina-dinane kerjane ngisi TTS, karo nonggoni waktune gajian,
utawa luru komisi saben melu dadi anggota perumus kerjane mung ngelas-ngelus jenggot
sebabe dewekw bli due beban keterwakilan minangka anggota dewan
apamaning bobot pengetahuan, yen curange bae wis ketangguan

Pokoke aja salah milih, yen pengen ning tembe mburine akeh perubahan
delengen bae kabeh negara ning dunia kih wis akeh sing brubah secara strategis,
Bahkan ning seantarane propinsi, masyarakate wis mampu memilih,
lan nemtokaken sapa sing kude den dipilih. Tapuk kekuasaan swis pada rubah
ana sing wis dadi gubernur dudu sing kelompoke wong sing kufur,
sing dadi bupati dudu sing kelompokke wong sing ambisi ning kekuasaan
apamaning gayane otoriter lan cenderung korup lan fasis.

Sun pengen anggota DPR kita kih pada bersih dudu mung cuma ning lambe
tapi uga pemikir lan gelem mikir nasibeng rakyat, Kita kepengen pimpinan sosoke adil,
bijaksana lan rendah atine, dudu sing doyan muja kekuasaan lan bli lok ngakui kesalahane.
Krana kita kabeh pemilih sejati, gunakaken kesempatan mengko nggo milih
aja ngamburaken kesempatan sing bagus sejene dina saiki. Bisa-bisa negeri kita kebekning golongan sing korupsi
2009.

AREM AREM JABURAN SORE

Sabtu, 04 April 2009 2 komentar

pulak-pulek banyu sebatok
mulane aja maling-malingne sewot bli modalan
ambek banteng cangkem kaleng
yen cacing ngomonga cacing
ngurek lemah ngawur-awur jero lumpur
bur duwur, dudu manuk
bur dunuk, bli bisa mabur
apa beli ngawur
dadia nok, wanodya kang sejati
milih satrianira ingkang mukti
Iku cita adedalan kang becik
nyipta rasa, aji rasa
badan sawiji den lakoni
pribasane gelem lelakon
andon urip sajroneng pasar
puasa sajabane wong dagang sate
sing buka laris manis ngebul gawe ngelih
tapa ira semedi ning waktune
ana deleng dideleng, ana rungu dirungu
Iku satuhune ngaji batin
yen urip ora pengen nemu ning isin
sekien lara engko pekaya
bli bakal nemoni kalen asat, ana banyu ketawu
bagen urip ana ning jaman kang blenak
muga keayak, bagus kepanjing sing alus
wadag mlebet barang kang wadag
Iki jaburan ning swaktune bapa lan sema slametan
ana sempora, rengginang, rempeyek, ampyang kacang
nanging bapa kula luwih seneng jabur poci, bugis, nagasari
pipis boled, bongko gedang, lemper, jalabia, lan bubur lolos
kaen los, kien los. Kita sih wong tua urip ira pujareng kono
mung tulung tradisi aja dipregesi. enak blenak aja dipanglo
kejaba kuwen asli panganan sing desane dewek.

Indramayu, 2006

BABAD DERMAYU

0 komentar

sun, kemutan waktune kanjeng Wiralodra
ambangun tresna kelawan ibu Endang Dharma
kembang randu lan gegodongan kabeh murag
sing epangnya, ketir iwir-iwir, ari-ari iki
kegawa keli. sedawaneng bengawan
Cimanuk prenahnya, ingetnang
Rumeksaneng diri Kelayung-layung ati
marani swargane Panjenengan kabeh,
kairing dening tembang suluk nadran, amapag sri,
sadekah bumi, baritan lan unjungan ning pekuburan

sun kabeh bingung, ngoleti tilasan prasasti
mbuh ning lontar atawa gurating watu
sampe jaman ngalih pambudi
anak-anak ira dhurung bisa nemoni
sapa sebenere panjenengan kabeh
sun mung bisa nemokaken asma liyan
Kanjeng Tumenggung Indrajaya
wontenipun dhumateng buku babad tanah jawi
nanging reang malah diisin-isini
uga waktune sun diajak plesiran
ning gedung budaya, nagerine wong Landa
kecatet yen ning muara cimanuk wonten nagari
awit-awit. naminipun keraton Manuk Rawa.

Indramayu, 90

PEROMPAK INDRAJAYA 2

0 komentar

kacarios abad kanem masehi,
ing pucuking muara kali Cimanuk
jumeneng praja wicaksana
wonten ing kraton ageng, inggih Manuk Rawa
nagari puniki, anggadahi kuasa
sedawane tlatar amba pulo Jawa
Ingkang kabentang saduwureng kisik lor laut Jawa
kawentar sabubuwana alam renggit, muara sarawa rawa
inggih wana cimanuk pernahnya. Andadar prajaning dewa
nagari siluman angawang uwung, malak mandar
mawa rungked katah denawa sarwa nawang ing jagat nata

prabu “Gagak Muara” ratu adil gagah perkosa
kuasa semonten agenge muara cimanuk
kanti akehing nagara milir marani Bandar Cimanuk
sanajana roangan, prajurit maritim Manuk Rawa
ananging duka abad kapinten
praja manuk rawa kelem gara-garaning amuk sunami
sampe tumeka ing abad kaping 15 (limalas)

muara cimanuk ingkang sepen anteng golong-golong
kedugian rombongan prajurit saking praja Majapahit,
kapimpin dening Raden Indrajaya
anggadai maksad njagi kahanan wilayah tlatar amba pulo Jawa.

Indramayu, 95

44 (Patangpuluh Papat) GURIT DERMAYON

0 komentar

kanthi amuji syukur
marang ngarsa kula
gusti Allah, pangeran ingkang agung
ingkang sampun paring rahmat lan hidayah
anyipta jagat ageng kebak budaya

pun katah lelakone
mawi tembang, kidung uga macapatan
kiser Dermayon den weruhi
kelawan niat mbebungah ati
anggugah rasa, ambangun tresna
marang sapepeda
nyuwun agunging pangapunten
sedaya kalapetan
mugi angsal bagja tumuli

Indramayu, 24 Januari 2007

KISER PESISIRAN

0 komentar

Bismillahirochmannirochim,
sri krama winangun
winangun tukang
sunu agung, damarana
maring kuta, ya maring kuta

niat isun ngawiwiti
mbedar budaya asli, dermayon asli
dermayon asli

puniki gambaraning jagat peteng
ingkang kula weruhi
nonggoni moncronge srengenge
sing pinggir wetan
ngingataken kahanan jaman edan
sing ‘ra edan, ora keduman
benjing bilih wonten cahyaning gusti
dhados kaweruhan ingkang nyata
utawi lepat ing bukti

nyuwun agunging pangapunten
bilih wonten kalepatan
dumateng paramiarsa
paramiarsa

Dermayu, 95

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum