Gurit Dermayon - Si Wudel Bodong

Minggu, 24 Januari 2010 0 komentar

Si Wudel Bodong
Gurit Dermayon - Nurochman Sudibyo .Ys


Bismillahirrochmanirrohim
Sugeng rawuh pro priagung
puniki srana den siapi
Mugia ketampi. Raharja bagja tumuli
bayu, angin saking kulon
Tulung alon-alon, bayu, saking wetan,
Aja gumagetan, Rep rep sirep bayu saking kaler
Aja samya kumalawer
Rep saking kidul
Anak putu kumanjentul
Kelawan a muji syukur kaasihane gusti
Ingkang pun paring rahmat, sarta hidayah
Dumateng kula sedaya.
Sumangga sareng mirsani

Ech lur,lur,lur dulur, kenalaken sun kih si wudel bodong
Urip lagi dlapang-dlopong ndeleng laku lanpae menusa sing pada sombong
Bli rumangsa cilik dibopong mati digotong
Klalen yen jaman kih kaya tanduran tuwa sing wis pada growong
Lamun asem, asem kopongan kih isun si wudel bodong

Kita kuh si wudel bodong, pengen mangan ndandak talang tolong
Senajan weteng selalu kempong, sun emong gawe bohong
Wajar bae yen sun modale bokong kadergah empane singkong
Tangkrang tongkrong tangkrang tongkrong, ya isun si wudel bodong

Troktok ki dalang, muncul narasi :
Sejarah nyatet menusa jaman kien seneng barang-barang sing bodong
Motor, mobil, tivi, hend pond, lemah pekarangan, jabatan ech ya bodong
Surat-surat tur adminis trasi jarene wis akeh sing bodong kenyataane
Mending kita si wudel bodong, bagen puasa ngempong

Isun kih si wudel bodong, mangane sebuntel lontong
Nginume langsung sing gentong
Sedina-dina darang dorong

Ya isun si widel bodong. Kaya gedang sing lagi montong
Wani ngadep sun tak jendong
Ya isun si wudel bodong

Indramayu, 2010

Biodata Nurochman Sudibyo YS ( Ki Tapa Kelana )

0 komentar

Gurit DermayonGurit Dermayon

*** Nurochman Sudibyo YS ( Ki Tapa Kelana )

Lair teng Tegal. 24 Januari 1963. Pun akrab gadah nami sebatan Mas Dibyo utawi Mas Noer. Rutinitas sedinten-dintene teng wilayah Jurnalistik, penelitian uga dados penggiat seni. Aktif mimpin lembaga Medium Sastra dan Budaya Indonesia. Kawentar uga dados penulis lan maos Kiseran, (Sastra tutur Dermayonan). Sederet Karyanipun mangrupa puisi, cerpen, catetan budaya lan esai inmgkang ngangge basa Indonesia.

Asring dipun muat teng kathah media sejak awit taun 1990-an. Antawisipun teng koran mingguan Pikiran Rakyat Edisi Cirebon, saniki harian Mitra Dialog, Karina, Mitra Desa, Pikiran Rakyat, Bandung Pos, Hikmah, Suara Merdeka, Lampung Pos, Singgalang, Riau Pos, Kedaulatan Rakyat, Minggu Pagi, Solo Pos, Bernas, Surabaya Post, Bali Post, Bisnis Indonesia, Suara Pembaruan , Suara Karya, Ummi, Amanah, Republika, Media Indonesia, Suara Merdeka, Pelita dan Majalah Horison. Puisi-puisine kekumpul teng buku Kembang Pitung Werna (antologi Penyair Juntinyuat-1992), Kiser Pesisiran (antologi penyair Indramayu-1994), Di bawah Payung Langit (antologi pribadi 1993), Malam Gaduh (antologi pribadi 1995), Soliloqui (antologi Pribadi 1997, “Gerhana” antologi Pribadi 2000). Antologi Penyair Indonesia “Dari Negeri Poci” Th 1996, “GERBONG” Penyair Indonesia Modern Th.2000, Antologi Penyair Indonesia HUT Jakarta 1999, Antologi “Lahir dari masa depan” Tasikmalaya 2001. Antologi Penyair Indramayu “Dari Negeri Minyak” Th.2001, “Blarak Sengkle” (kumpulan gurita 2007), Kumpulan Puisi Sastrawan Mitra Praja Utama “Tangga Menuju Langit” 2008, lan sanes-sanese. Karya-katya geguritane pun kathah sing dipun muat teng majalah Panyebar Semangat lan Jaka Lodhang.

Asring tampil pentas undangan dados pembicara budaya lan maos geguritan gaya Indramayuan, kadhos teng Cirebon, Majalengka, Tegal, Purwokerto, Yogyakarta, Magelang, Bandung, Cilacap, Jakarta lan sanes-sanese. Piyambeke uga dadhos ketua LSM KEKER (Komisi Evaluasi Kondisi Ekonomi Rakyat). Mobile: HP. 085 225 071 44. E-mail: nurochmansudibyoys@yahoo.co.id , Web: www.guritdermayon.co.cc , www.keker.co.cc , www.tropong.co.cc , Seniman, Budayawan, lan Pemerhati seni kang uga gadhah nami Ki Tapa Kelana Utawi Ki Tunggu Nama, puniki uga kerap angsal undangan dadhos nara sumber, pembicara, lan dalang kidung. Alamat Surat : Jln. Jendral Sudirman No. 69 RT..01 RW I Kelurahan Lemahabang Indramayu Kota 45212., Jawa Barat.

Gurit Dermayon : Si Wudel Bodong

Jumat, 22 Januari 2010 0 komentar

Bismillahirrochmanirrohim
Sugeng rawuh pro priagung
puniki srana den siapi
Mugia ketampi. Raharja bagja tumuli
bayu, angin saking kulon
Tulung alon-alon, bayu, saking wetan,
Aja gumagetan, Rep rep sirep bayu saking kaler
Aja samya kumalawer
Rep saking kidul
Anak putu kumanjentul
Kelawan a muji syukur kaasihane gusti
Ingkang pun paring rahmat, sarta hidayah
Dumateng kula sedaya.
Sumangga sareng mirsani

Ech lur,lur,lur dulur, kenalaken sun kih si wudel bodong
Urip lagi dlapang-dlopong ndeleng laku lanpae menusa sing pada sombong
Bli rumangsa cilik dibopong mati digotong
Klalen yen jaman kih kaya tanduran tuwa sing wis pada growong
Lamun asem, asem kopongan kih isun si wudel bodong

Kita kuh si wudel bodong, pengen mangan ndandak talang tolong
Senajan weteng selalu kempong, sun emong gawe bohong
Wajar bae yen sun modale bokong kadergah empane singkong
Tangkrang tongkrong tangkrang tongkrong, ya isun si wudel bodong

Troktok ki dalang, muncul narasi :
Sejarah nyatet menusa jaman kien seneng barang-barang sing bodong
Motor, mobil, tivi, hend pond, lemah pekarangan, jabatan ech ya bodong
Surat-surat tur adminis trasi jarene wis akeh sing bodong kenyataane
Mending kita si wudel bodong, bagen puasa ngempong

Isun kih si wudel bodong, mangane sebuntel lontong
Nginume langsung sing gentong
Sedina-dina darang dorong

Ya isun si widel bodong. Kaya gedang sing lagi montong
Wani ngadep sun tak jendong
Ya isun si wudel bodong

Gurit Dermayon : Topeng Rumyang

0 komentar

Beja-beja’a ning wong sakubenge desa
yen sira wis mulai beger
anemoni mangsane rumyang
jejogedan jejingkrakkan lumayang-nglayang
kumalayang

Kaya layangan pegot pribasane
bocah nom-noman ning wayae
beger pribasane lokatan karepe dewek
akeh pisan pan jalukane

Rumyang-rumyang jogedane, kuwayang temen
wong enom yen bli gelem sembahyang
mangsa baleg mangsa cukule woh-wohan
aja sering-seringe ngelawan wong atua
rumangsane jare deweke ati penasaran
yen durung bukti lan durung renah uripe
Samulane rumyang-rumyang Jogedane,
ati-ati nig lumapae. Bokat wis kudune
urip ira akeh pisan cecobane
Wong tua arang ngwarai
Jaluk maklume bae, ning waktune wong enom
diseneni mbuh seringe penasaran sing dadi alesane.

Gurit Dermayon : Voorschotte

0 komentar

Sing penting panjer dikit. Ana U-eM jare calo proyekke
Pecingan lah. Yen luwi jelas maning katon bakal ana untunge
Soale bli kabeh wong bisa adol info modal pikiran
sing nyenengaken wong sejen. Bli perlu kake-en sajen
Aja gemek ngloyong. Bli ngajak kita, pluwang menang bisa ilang
Wis voorschotte bae dingin, ko tak kabari kasilane. Yen penasaran
ayo ndeleng dewek bagus tah beli barange

dudu sun mata duitan, atawa bli percaya ning sampeyan
kien etika bisnis jare mang kumis, karo nabui mangkok basone
pengen untung ya kudu gelem korban, jeh....
manek gunung nanjaki jurang. Sikil pegel awake lemes
untunge akeh tetanduran sing bagus-bagus. Bagen lemes
berag bungah masih ana sing pikirane lamus
senajan mung bisane aras urus masih ana sing gelem adus

vorscotte , bayar dingin nembe tak kerjani
voorscotte iku sing paling utama nggo mbuktiaken
sampeyan kuh serius tah beli, arepan bisnis kuh?

2009

Gurit Dermayon: Topeng Samba

0 komentar

Topeng Samba

Blajara maca, semangsane cilik

utamane maca kahanan urip ira. Kang
Luwi becik maning mahami sakubenge alam
awit wayah paceklik tumeka ning rendeng
pengen balik nanging rasane durung mancleng

Jogeda topeng, topeng samba
Yen pan lumangkah aja selamba
Iurua kang kena kanggo tamba
kudu bener aja salah
wong ning dunya sekabeh sugih dosa
mending salah dadi bener

iki ilmu kang perlu den sumbadani
rumasa urip kudu ana arti
trengginas, lumangkah ira
senajana nembe bisa maca
lumayan kena nggo sangu mekaya
lan madangi pikire bapa tuwa.

2007

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum