Si Corong Bolong
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS
Kader kita sih modale mung omong
bisane nembang ning tengahe pepadang
ngerti kabar sing kudu ditebar
adol jasa adol kanyata, dudu lagi gawe dosa
yen cocog gage menea
Kita sih ibarate gentong sa spikere
corong bolong umpamane
omong kosong jare sing ngrasa salae
Blarak kobong ning kenyata-anne
growong-growong nyremongmong swarane
disangka sombong yen lagi nebar omong
padahal arep nyombongaken sapa
kita wis ora due sapa-sapa
bapa tua senajana begen wong ana,
sekien wis tilar dunya
Wis lah sekien percaya belih, sampeyan kuh
ning kula si corong bolong
aja alesan kantonge kosong, ari pada bae kempong
yuh pada mangan petis lontong
dudu bae kita sombong, ari kudu bebakaran sontong
kita bli sanggup. Sebabe duit simpenan wis entong
gara-gara diselang ning si wudel bodong
dasar lagi sial. Nasib si corong bolong ya isun
kang lawas ngawas-awasi sapa bae sing ereme ngeblong.
09
Ngudag-udag Maling Kolor
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS
Lagi apa maning sirakuh tor?
anak rabi sampenan bareng sekantor
jare wedi mekaya ning wiilayah kekotor
buktime sampeyan malah milih dadi mandor
tor-tor delengen anak ira sekien nambah gayor
gara-gara diempani klapa kopyor
Kenapa kudu diberseni, sementara kabeh bli bersih
jare karo keluarga kudu silih asah silih asih
buktine sampeyan bli kelingan ning trima kasih
delengen dikit klambi lan gena ira apa wis rapih
nembe nyawang lan neliti wong sejen belih
due watek kuh aja salah silih sih
Kita dewek bli ngaku wong sing kawentar
ngedekaken aran lan aturan aja sampe kesasar
wWong sing bener pasti angger
wong sing blasar pasti kesasar, los delengen ning pasar
senajan akeh sing pada nganggo klambi anyar
bli kabeh bisa dadi kembar
soale pada sote gambare, atine bisa nyasar
bagen jare gemar, ning waktune bisa ngalih kamar
Wis gah tor, aja lokat ngarani wong koruptor
ngudag-udag sampe rai pada jontor
mbuh seringe protes sampe ketotor
barang weruh deweke melu kotor
dijamin akhire sampean sing di dor
wis gah tor aja lok gawa-gawa kompor
eling belih pernah seawak-awak gepor
urip glasar-glosor kepengen dadi mandor
barang kelaksanan, bli kelingan rayat
sing ning sor .
09
Ngenteni gage Miyang
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS
Sepuluh taun dicekoki virus kuasanira
sampenan klalen maknani sapa sebenere sira
soale bengen sih akeh wong weruh modale
sekien sira sugih banda sugih harta
pengen turun pitu nguasa jagat, ya bisa
sebab sejatine sira kuh turunan raseksa
Buta ijo, buta terong. Due rabi due bojo eh
masih angger lok pada serong
wayang buta lawan gatot kaca,.kwayang ning mata,
platat plotot bli bisa maca
maca kahanan desa sing pada bli karuan
rayate kaliren susah pari, langka beras
lara ati bli waras-waras
Delengen akeh dermaga pada pating brenjul
kurang watu, ngirit aspal dalane rusak
marani meng pedesaan sekolah lan madrasah
gurune ngresah kelangan honor sing tertunda
gedonge bocor temboke ambrol
wis bli pantes dianggoni bocah pinter
Pandengen sing titen, lanang wadon
ngrasa tah wis pada mangan sekolahan ,
buktine wis bli gelem pada rerewang
ning sawah. Pengene gage pada gawe umah mewah.
kaliyang kaliyeng karo dedonga ngenteni
sampeyan gage miyang
kondangan ning genah sing ngiras pantes den turoni
patok kembar wong pada nyupatani.
2009
Aja Moreg Nok
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS
Lah, kader weruh siirakuh anake sapa
aja kadiran sekien lagi sugi dunya,
due akeh umah lan lagi jaya
inget beli sewaktune sira ngimpi sembahyang
ning sanjerone masjid agung
apa sira ora keduhung. Takonen bae
kan ana saksine
sira wis mbuktiaken dewek kedadianne
Aja tolag toleg kaya oncom di oreg
bengen sih omongan nira mambune sedep.
kien bli karuan rasa lan kemanisane
sing eling nok, gara-gara ngomong sengit
ning wong lanang sing sering ijab qobul , eh sekien
kita ngerti sira kuh watir bokat diwayu
Mulane ning desa nira akeh bocah wadon bli kawin-kawin
uripe pada mbangsak, kelakuane blesak,
sering kedadian, slasap slusup ngladeni
wong lanang, bli jelas statuse,
barang sing kudu den jaga dimora-mare,
dadi runtah langka regane
yen Bli ngandel, delengen bengi kien, ning esce
akeh brondong lan godong pace
bocah wadon pada diaca-ece
ilang pasarane ilang mereke
Aja sewot, yen desa nira kasebut gorengan tlembuk
kenang omonganira kaya wong nebar sambel bubuk
yen tuku sega lengko jaluk akeh kecape
ngakune peduli nyatane ninggali. Jero ati sejen pangucape
baka ditakoni endi janjine, jawabe engko.
nandur turi pagere pring. Mager harga diri
nimbulaken trafiking. Aja moreg gah nok.
urip kuh planggak plenggok apa ora rumasa kagok tah
ari emong dipoyok ya aja ngadeg bengi ning pojok.
09
Pages
Label:
Gurit Dermayon,
Gurit Indramayu,
kidung,
Kiser Indramayu,
Kumpulan Puisi,
Pentas Gurit,
Puisi Berbahasa Jawa,
Puisi Indonesia,
Sastra Indramayu,
Sastra Nusantara,
Sastrawan Indonesia
Gurit Dening Nurochman Sudibyo .YS - Si Corong Bolong, Ngudag-udag Maling Kolor, Ngenteni gage Miyang, Aja Moreg Nok
Selasa, 30 Agustus 2011
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
http://static1.freebitco.in/banners/468x60-3.png
Top Post
-
Rinduku Rumah Rumbia Karya : Dyah Setyawati 1 Rinduku pada jendela rumahmu tinggal se atap cinta semata zikir rumbia tembang mengemban...
-
Sexs Dalam Kacamata Wong Pantura Oleh : Nurochman Sudibyo YS. Kang kula ngarti sampeyan wis due rabi Tapi kepriben, kula ora bisa klalen Kan...
-
Dyah Setyawati Andai Kupinjam Namamu Dewi Renuka Wahai buah tubuh; seandainya kupinjam Dewi Renuka atas nama ibumu akankah tega membun...
-
” KEMAT JARAN GUYANG” cerpen: Nurochman Sudibyo YS. Dari 6 potongan adegan yang kusimpan dalam folder ini. Naskah aslinya sudah terbuk...
-
Nurochman Sudibyo YS Nurochman Sudibyo YS Tembang Kiser Sepi Jaran Guyang : Balada Baridin-Suratminah Pragat brayan mangan ning kebo...
-
Basa Pantura Langka ning Peta, Lagu lan Geguritane Ngrambah Nuswantara Dening : Nurochman Sudibyo YS --Sedurungé mbahas luwih jero makala...
-
Menilik Sisi Unik & Wisata Menarik BATIK SURYA BATIK PESISIRAN, BATIK PANTURA, BATIK PAOMAN, BATIK INDRAMAYU, JAWA BARAT INDONESIA Oleh ...
-
Nurochman Sudibyo YS Pameran Blendong Dartim Maret 2011
-
Si Corong Bolong Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS Kader kita sih modale mung omong bisane nembang ning tengahe pepadang ngerti ...
-
Dyah Setyawati, Penggiat Sastra Tegalan Terproduktif Gusti Setemene Enyong Isin Meneri ngadep panjenengan liwat limang sms , setemene ...
Arsip
Gurit Dermayon
0 komentar:
Posting Komentar