PUISI TEGALAN TERPOPULER

Senin, 21 Maret 2011 0 komentar

Dyah Setyawati, Penggiat Sastra Tegalan Terproduktif

Gusti Setemene Enyong Isin

Meneri ngadep panjenengan liwat limang sms, setemene enyong isine por. Mestine igin panjenengan simpen kartu arane enyong kebek blentang blentong. Catetan ireng putih polahku, sedawane dina atikaya jaran sembrani pating pladang. Beleh kepetung pirang lusin sing tak tatuni, akh ndingkluk; ngguguk nglumpruk, tangan sing badeg kudu diwisuhi kamben tobat sujud sing paling, eben resik sekujur awak tekan sukma

Ya Rahman, ya Rakhim, ya Muhaimin, ajarna ilat lan ati pada bae anggone ngucap kompak,Toli khusuk ari nyebut asma Panjenengan nganti gempa, gembluduk neng njero ati. Dadiya muara panggonane ngidek tutur luhur, dadi kali, laut gelora, gulungan ombak. Liwat dzikir, Allah,Allah,Allah

Meneri ngadep Panjenengan. Liwat limang sms enyong nglarug ngudag kangen sing nemen. Cemlorote cahya pepadang aja kosih ilang. Senggane kembang lanyah ngucapna bahasa cinta. apamaning ati mesti luwih luwih. Tak balangna luber sih katresnan kiye mung maring Gusti. Minangka prasasti paling suci laka tunggale maning. Ya Robbi, patrikna rasa setia kiye neng pojok tembok nurani, tanpa tedeng aling aling. Eben terus eling. Meneri ngadep Panjenengan. Eben bae rasa isin ngintili awakku. Endah enyong krasa dadi manungsa. sing ora sia-sia. Gusti setemene. isin kuwe wekene enyong. Yanu yipik!

09

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum