Gurit Dening Nurochman Sudibyo .YS - Si Corong Bolong, Ngudag-udag Maling Kolor, Ngenteni gage Miyang, Aja Moreg Nok

Selasa, 30 Agustus 2011 0 komentar

Si Corong Bolong
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS

Kader kita sih modale mung omong
bisane nembang ning tengahe pepadang
ngerti kabar sing kudu ditebar
adol jasa adol kanyata, dudu lagi gawe dosa
yen cocog gage menea

Kita sih ibarate gentong sa spikere
corong bolong umpamane
omong kosong jare sing ngrasa salae

Blarak kobong ning kenyata-anne
growong-growong nyremongmong swarane
disangka sombong yen lagi nebar omong
padahal arep nyombongaken sapa
kita wis ora due sapa-sapa
bapa tua senajana begen wong ana,
sekien wis tilar dunya

Wis lah sekien percaya belih, sampeyan kuh
ning kula si corong bolong
aja alesan kantonge kosong, ari pada bae kempong
yuh pada mangan petis lontong
dudu bae kita sombong, ari kudu bebakaran sontong
kita bli sanggup. Sebabe duit simpenan wis entong
gara-gara diselang ning si wudel bodong
dasar lagi sial. Nasib si corong bolong ya isun
kang lawas ngawas-awasi sapa bae sing ereme ngeblong.
09


Ngudag-udag Maling Kolor

Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS

Lagi apa maning sirakuh tor?
anak rabi sampenan bareng sekantor
jare wedi mekaya ning wiilayah kekotor
buktime sampeyan malah milih dadi mandor
tor-tor delengen anak ira sekien nambah gayor
gara-gara diempani klapa kopyor

Kenapa kudu diberseni, sementara kabeh bli bersih
jare karo keluarga kudu silih asah silih asih
buktine sampeyan bli kelingan ning trima kasih
delengen dikit klambi lan gena ira apa wis rapih
nembe nyawang lan neliti wong sejen belih
due watek kuh aja salah silih sih

Kita dewek bli ngaku wong sing kawentar
ngedekaken aran lan aturan aja sampe kesasar
wWong sing bener pasti angger
wong sing blasar pasti kesasar, los delengen ning pasar
senajan akeh sing pada nganggo klambi anyar
bli kabeh bisa dadi kembar
soale pada sote gambare, atine bisa nyasar
bagen jare gemar, ning waktune bisa ngalih kamar

Wis gah tor, aja lokat ngarani wong koruptor
ngudag-udag sampe rai pada jontor
mbuh seringe protes sampe ketotor
barang weruh deweke melu kotor
dijamin akhire sampean sing di dor
wis gah tor aja lok gawa-gawa kompor
eling belih pernah seawak-awak gepor
urip glasar-glosor kepengen dadi mandor
barang kelaksanan, bli kelingan rayat
sing ning sor .

09


Ngenteni gage Miyang

Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS

Sepuluh taun dicekoki virus kuasanira
sampenan klalen maknani sapa sebenere sira
soale bengen sih akeh wong weruh modale
sekien sira sugih banda sugih harta
pengen turun pitu nguasa jagat, ya bisa
sebab sejatine sira kuh turunan raseksa

Buta ijo, buta terong. Due rabi due bojo eh
masih angger lok pada serong
wayang buta lawan gatot kaca,.kwayang ning mata,
platat plotot bli bisa maca
maca kahanan desa sing pada bli karuan
rayate kaliren susah pari, langka beras
lara ati bli waras-waras

Delengen akeh dermaga pada pating brenjul
kurang watu, ngirit aspal dalane rusak
marani meng pedesaan sekolah lan madrasah
gurune ngresah kelangan honor sing tertunda
gedonge bocor temboke ambrol
wis bli pantes dianggoni bocah pinter

Pandengen sing titen, lanang wadon
ngrasa tah wis pada mangan sekolahan ,
buktine wis bli gelem pada rerewang
ning sawah. Pengene gage pada gawe umah mewah.
kaliyang kaliyeng karo dedonga ngenteni
sampeyan gage miyang
kondangan ning genah sing ngiras pantes den turoni
patok kembar wong pada nyupatani.

2009


Aja Moreg Nok
Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS


Lah, kader weruh siirakuh anake sapa
aja kadiran sekien lagi sugi dunya,
due akeh umah lan lagi jaya
inget beli sewaktune sira ngimpi sembahyang
ning sanjerone masjid agung
apa sira ora keduhung. Takonen bae
kan ana saksine
sira wis mbuktiaken dewek kedadianne

Aja tolag toleg kaya oncom di oreg
bengen sih omongan nira mambune sedep.
kien bli karuan rasa lan kemanisane
sing eling nok, gara-gara ngomong sengit
ning wong lanang sing sering ijab qobul , eh sekien
kita ngerti sira kuh watir bokat diwayu

Mulane ning desa nira akeh bocah wadon bli kawin-kawin
uripe pada mbangsak, kelakuane blesak,
sering kedadian, slasap slusup ngladeni
wong lanang, bli jelas statuse,
barang sing kudu den jaga dimora-mare,
dadi runtah langka regane
yen Bli ngandel, delengen bengi kien, ning esce
akeh brondong lan godong pace
bocah wadon pada diaca-ece
ilang pasarane ilang mereke

Aja sewot, yen desa nira kasebut gorengan tlembuk
kenang omonganira kaya wong nebar sambel bubuk
yen tuku sega lengko jaluk akeh kecape
ngakune peduli nyatane ninggali. Jero ati sejen pangucape
baka ditakoni endi janjine, jawabe engko.
nandur turi pagere pring. Mager harga diri
nimbulaken trafiking. Aja moreg gah nok.
urip kuh planggak plenggok apa ora rumasa kagok tah
ari emong dipoyok ya aja ngadeg bengi ning pojok.

09

Gurit Dening Nurochman Sudibyo .YS - Kupu Mabur, Jagat Nelangsa, Voorschotte

0 komentar

Kupu Mabur
Gurit : Nurochman Sudibyo .YS


Kemutan sebubare puasa Romadhon
mlakune bocah wadon alon-alon, katon kaya singgat
Sing mrembet ning godong pace. Saumpamane uler gendon,
knangapa gelem ngaton?
Kaya uler mrojol sing entunge. Dina kiyen sun lan sampeyan
kayadene kupu, rupane putih, mabur-mabur jejogedan
nganti tekan dhuwur langit
Marani cahyane gusti. Sampe-sampe, lintang wulan
kepandeng nggantung ning mega. Srengenge ngawe-awe,
ngingetna sepira tresnane panjenengan maring kula
Minangkane jalma liya sapepada
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar,
Laillaha ilallah Hu Allah, Hu Akbar,
Allah Huakbar Walilla’ilham.
09/10



Jagat Nelangsa
Gurit : Nurochman Sudibyo .YS

Krana tibaneng pangucap menungsa sing gampang sesumbar. Ngluwihi kuasane gusti, Saiki katon ning mata, kabeh jagat pada owah. Kien pada karo tanda-tandaning jaman. Bonggane sampeyan ora pada njaga sakubenge alam.

Kedadiane bumi senajan akeh udan. Bleh ketulungan. Ombak gede ning lautan gawe ngeri para nelayan. Pesisir laut kepincrut nambah ciut,Nyawang laut katon sewot, ombake gede gumebyar krasa abot. Wong nandur bako langka sing dadi. Malah mati kesiram bocoran lenga mentah.

Delengen, dalan banyu sapinggireng dermaga durung pada dikeruki. Apamaning disendei, akhire dadi kali buntu, ketutupan watu, Giline ombak-ombakan, aspale pating kroak, jalane pating jeglong. Compong, pada bolong ka malah di colong

Donge ngileng, saajrone alas akeh sing pada ilang. Wit gede kari bonggole, wit sedeng kari godonge. Godong garing tingbetatar, ngayah-ayah ning plataran bumi, dadi siji karo lemah. Nyawa satoan, nyawa tanduran, nyawa watu, nyawa kayu,Sukma jalma manungsa,kue dhalane nyong kabeh, bisa nggawe logrne ambekan

Lumangkahe sampeyan ora saimbang mulane mung cuma bisa nembang. Sakubenge langit mei tanda, lair tangis saben dina. Saiki katon kabeh, keweleh, Akeh prau magrong-magrong nembusi langit. Kejungjung benteng ketaton. kiye dadi tanda-tandane jaman, Ilange katerbukaan, mampete birokrasi, tugele jalinan silaturahmi. Sing ana saling prediksi, korupsi wis dadi tradisi.

enyong wong cilik mung bisa nyakseni wong pada mangan sedulure dewek. Kabeh wis nemoni jagat nelangsa. Nagarine isun kabeh klelep, alame kelem, nagarine sampeyan kelem dening akehe dosa. Dosa sing disengaja berjama’ah saben dina.

kaping 9 wulan 9 taun 9


Voorschotte
Gurit : Nurochman Sudibyo .YS

Sing penting panjer dikit. Ana U-eM jare calo proyekke
pecingan lah. Yen luwi jelas maning katon bakal ana untunge
soale bli kabeh wong bisa adol info modal pikiran
sing nyenengaken wong sejen. Bli perlu kake-en sajen
aja gemek ngloyong. Bli ngajak kita, pluwang menang bisa ilang
wis voorschotte bae dingin, ko tak kabari kasilane. Yen penasaran
ayo ndeleng dewek bagus tah beli barange

Dudu sun mata duitan, atawa bli percaya ning sampeyan
kien etika bisnis jare mang kumis, karo nabui mangkok basone
pengen untung ya kudu gelem korban, jeh....
manek gunung nanjaki jurang. Sikil pegel awake lemes
untunge akeh tetanduran sing bagus-bagus. Bagen lemes
berag bungah masih ana sing pikirane lamus
senajan mung bisane aras urus masih ana sing gelem adus

Vorscotte , bayar dingin nembe tak kerjani
voorscotte iku sing paling utama nggo mbuktiaken
sampeyan kuh serius tah beli, arepan bisnis kuh?

09

Cerita Dermayon : Ayam Afrika

0 komentar

Mbok Rasmi tas bedug dhuhur masih nguplek bae ning pawon. Deweke masih wedi ngurubaken kompor gas bagian pemrentah. Kayu oli rencek ning karang pinggir kali cimanuk dislorogaken sanjerone geni. Mbok Rasmi lagi nggodog boled kesenengan lakine. Maklum bae delat maning Mang Rasgan balik sing lautan. Kebul pawone Mbok Rasmi gawe sesek ning dada. Pantes bae mbokke Nang Doplong kih sering watuk lan sesek ambekan. Ukuppe nembus meng para, nempel ding pager, jagate ireng kabeh.

Nang Doplong: Mie....... lagi apa sih mie....? Jagate sampe peteng dedet. Kalesan wong bengen senenge obong-obongan ning pawon gawe ambekan sesek lan suker pendelengan.
Mbok Rasmi: eeeeeh.... t eka-teka bli malah asalamualaiku malah sawat sewot blikaruan. Mimi gan pada sesek ari due anak blingarti tata krama kuh nang.
Nang Doplong: Mie...Mie.... salam ....salam mengkonon kuh jadul. Kang penting sekien wayae mangan. Gage mie, senange pengen mangan!
Mbok RAsmi: MAngan ya mangan nang met ta dewek bae ning sarong. Wis gede kudu bisa apa apa dewek, rewangana mama lan mimie nang. Mimie wis tuwa sapa kang bakal ngurus mama lan kebutuhane senang.
NAng Doplong: (KAro mbuka Sarong) lah....segae kari setitik, lawue tempe maning tempe maning tempe, sekali-kali tuku ayam amerika sih ma.....!
Mbok RAsmi: Ayam Amerika sih sing kayang apa?
Nang Doplong: Kaen kah ma... sing digoreng karo glepungan garing, enak pisan Ma...!
Mbok Rasmi: oh.... panganan sing jare ana ning Mol-mol tah nang?
NAng Doplong: Iya Ma..... gawe mbuh tuku sih ma... aja tempe tahu bae bisa-bisa otake senang otak tempe ma.....! Sekali-kali nggoreng ayam landa kena ma....!
Mbok RAsmi: Mbuh gah NAng, Mimi sih werue Ayam Afrika
NAng Doblong: Ayam Afrika sih ayam apa?
Mbok RAsmi: Cemani! Wis gah mana gage dipangan. Sing ana bae dikit. Rumasane dadi anake wong ora due aja kakeen reka. Sing akeh dedonga samberan Mamangira along, olih raman sing akeh. Maklum jare batur-bature wulan sekien lagi pada paila.
*Ki Tapa

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum