Basa Pantura Langka ning Peta, Lagu lan Geguritane Ngrambah Nuswantara

Jumat, 18 November 2011 0 komentar

Basa Pantura Langka ning Peta,
Lagu lan Geguritane Ngrambah Nuswantara

Dening : Nurochman Sudibyo YS

--Sedurungé mbahas luwih jero makalah kien, ijinaken arep tek buka karo tembang pantura basa jawa dialék Indramayu-Cirebon atawa lagu basa Cirebon-Indramayu sing wis kawéntar kaya déné lagu “Kucing Garong, Sumpah Suci, Warung Pojok lan Cibulan” lagu kien akrab ning kupingé masyarakat Indonesia.
DUDA KEPAKSA*1
Lara sih lara, Gara-gara mboké bocah, Kerja ning Saudi Arabia.
Kula ning umah mongmong bocah
Apa kesirian ning tangga, Sing wis pada mangkat mana
Blénak temen duda kepaksa, Mongmong bocah bari usaha
Reff :
Senoook ...... ,Aja nagis kelangan mimi ya nok ya
Sebab mimi lagi usaha, Sedelat maning arep teka ( 2 x )
Apa kesirian ning tangga, Sing wis pada mangkat mana
Blénak temen duda kepaksa, Mongmong bocah bari usaha,”.
Nyimak tembang tarling dangdut*2 ning duwur, senajan syairé ora duwé kaidah sastra (waca: mbagus-mbagusna tembung) ning kenyataané mangrupa ungkapan empirik penciptané. Syair kuen kuh dudu baé nyuarakna nasib perekonomian masyarakat kula jaman sekién, nanging uga uwis melu ngwakili jeritan wong lanang ning pirang-pirang genah ning Indonesia. Sekien kan sig akéh wong lanang pada dadi korbané wong wadon. Sebabé akeh sing pada beli kuwat nyandang kemiskinan, akiré akeh wong wadhon milih ninggalna lakiné, dadi babu. Kerja tetaunan ning jaba negra.
Coba baé dicermati lirik lagu ning duwur mau, sing wis kebedar nganggo basa komunikasi lokal masyarakat Indramayu-Cirebon. Krana témané nyenggol kahanan karo kondisi sosial ekonomi masyarakat Indonesia, Mulané lagu kuen kuh gampang disenengi lan dadi hit ning wilayah Pantura (Pesisir Utara Jawa) toli mrémbét terus nyebar meng kabéh wilayah Indonesia.
Nglongok kronologis basa Indramayu utawa basa Dermayon sing sekien disebut Basa Cirebon ning teks lagu dangdut tarling lan tarling dangdut kuen kuh, nduwéni sisi unik déwék. Kaweruana basa Indramayu ndue akéh ragam dialék. Sebabé ya krana Indramayu iku kabupatén sing luas wilayahé lan jumlah pendudukké paling akéh ning Jawa Barat. Otomatis dipengaruhi uga basane wong-wong sing ana ning wates pesundan. Sisi geografisé Kabupatén Indramayu*3 iku ana ning pucuk paling lor Jawa Barat. Kabupatén kien kih wilyaé kebabar awit Désa Singakerta Kecamatan Krangkéng, iringané karo Desa Bungko Kecamatan Kapetakan Kabupaten Cirebon ning bang wétan, sampé tekang mengulon tepaté marani gerbang Kali Séwo, Desa Sukra, Kecamatan Sukra sing dadi wates Kecamatan Sukaratu, Kabupaten Subang.

Latar Geografis
Dideleng sing posisi geografisé Kabupaten Indramayu ana ning posisi 107° 52 ° - 108° 36 ° Mujur Wétan lan 6° 15 ° - 6° 40 ° Lintang Kidul, Posisi mengkénén kih wis cukup mbuktikna daérah gedhé sing wis tentu melu nyumbangna pangembangan basa jawa ning pantura. Apamaning yén dheleng garis kisiké sing jaraké sampé 114,1 Km. Kondisi georafis kien uga mai pengaruh ning status sosial lan budaya masyarakaté. Uniké maning basa sing dienggo déning masyarakat ning kené kih senajan akéh macem-macem dialékké, ning sewaktuné pada omong-omongan karo sapa baé bisa pada paham lan silih mangerti. Mengkonon uga sewaktuné ngadepi masyarakat jaba Indramayu misalé baé karo wong Cirebon ning bela wétan. Majalengka lan Sumedang ning bang kidul, sarta Subang, sampe tekang purwakarta ning wilayah mbang kulon.

Genaé Kabupaten Indramayu sing wis kabentang sedawané kisik lor Pulo Jawa ngawé suhu udara ning kabupaten kien kih mandan duwur, sampé 28 ° Celcius. Samentara rata-rata tiba udan sedawane taun akéhé 61,06 mm. Curah udan paling duwur ana ning Kecamatan Kertasemaya, jumlah dina udanné kecatet 2491 dina. Sedengé curah udan paling cilik ana ning Kecamatan Pasékan, jumlah dina udanné kecatet 683 dina. Ndeleng kondisi alamé sing kaya mengkonon kuh tamtu baé nyumbangna pengaruh ning kultur masyarakaté. Pengaruh kien kih katon sewaktuné ngucap lisan ceplas-ceplos cenderung atos, akas, lan tosblong (blakasuta = terus terang tanpa tédéng aling-aling).

Sing dadi bagusé maning sewaktuné ngungkapna tembang atawa nyanyian malah beda pengrasané. Kondisi kultural sing kaya menkénén kih uga pada kedadiané kaya dene ning masyarakat Tapanuli/Batak. Ning Sumatra Lor sing penduduké uga dipengaruhi déning lingkungan sing panas. Basa komunikasiné kesané kasar. Mengonon uga masyarakat Indramayu lan Cirebon sing dadi warga ning sedawané pantura Jabar-Jateng. Tembung utawi ukara “Kirik, Asu, dobol, édan, bajingan” lan sejenisé, wis dadi sapaan sing kepanjing akrab sedina-dinané, malahan gah wong-wong ning kono kuh ora duwé beban apa-apa ning sewaktuné ngomong atawa nyebutaken tembung sing kaya mengkonon. Béda maning sewaktuné diungkapna nganggo basa tulis. Misalé baé ning puisi utawa gurit sarta lirik lagu sing ngungkapna diri pencipta lan seniman daerahé. Mengkonon uga puisi lan tembang sing ana ning masyarakat Batak/Tapanuli. Puisi lan tembangané pada diungkapna nganggo ati lan rasa. Tembang lan puisi-puisiné krasa nyrését pisan sajrone ati. Lamun ning masyarakat Batak ana lagu “Butét…..dammar guri la dammar mualé butét” Ning Indramayu-Cirbon ana “aduh…..gusti kulané ampun ora kuat nandang larané……”.
Kondisi geografis sing pada uga kedadian ning masyarakat Kabupaten Cirebon*6. Minangka salah sijiné daerah penting ning kisik lor Pulo Jawa sing dadi lawang lan gerbang Provinsi Jawa Barat ning belah wétan. Kabupaten Cirebon diwatesi karo wilayah Provinsi Jawa Tengah. Posisi geografis mengkonon kuh strategis uga nganggo masyarakataken basa jawa ning pantura mawi dalan tembang lan lagu-lagun. Sejéné kuén diliwati uga jalur kisik sing nepungaken arus transportasi Jakarta, Bandung lan kota Priangan wétan nuju arah Jawa Tengah lan sewaliké. Daeraé gampang dijugjug nggunakna transportasi darat, laut lan udara. Wajar baé yén Kabupaten Cirebon nduéni kemajuan signifikan ning bab industri lan usaha dagang. Kemajuan kien uga mai pengaruh ning usaha pangembangan basa mawi tembang dangdut tarling lan tarling dangdut*. Krana pencipta lan kreator lagu basa Cirebon-Indramayu sekien wis bisa ngadegna usaha Recording ning kotané déwék. Otomatis Seniman lan wong sing njalanaken bisnis tembang nambah produktif ngramékena usaha musik. Malahan sekien mah wis nambah akéh pisan pengusaha rekaman ning kabupatéen Cirebon lan ning kota Cirebon.
Kabupatén Cirebon pancen langka bedané karo Kabupatén Indramayu. Secara georafis daerah kien kih nduwéni wilayah kang amba lan iklimé uga panas. Senajan ibukota kabupaténé ana ning daerah kidul, sing dadi basis masyarakat sunda, lan fasih bebasa sunda, nanging Bupatiné wani netepaken basa Cirebon dadi basa wajib lan dadi kebanggan masyarakaté. Mulané ora eran yén lagu lan tembangan basa Cirebon-Indramayu kuh gampang dipasarna ning daérah kien. Biasané nganggo produk CD, DVD MP3 lan MP4 malah ana uga sing kasét.
Watés wilayah Kabupatén Cirebon ning belah lor ana Kabupatén Indramayu, Kota Cirebon lan Laut Jawa, ning Sebelah kidul: Kabupatén Kuningan, lan ning Sisi wétané : ana wates karo Kabupatén Brebes. Sedengé mengkonon ning belah kuloné diwatesi daerah kang kepanjing Kabupaten Majalengka. Ndeleng wates sing strategis ning Kabupaten Cirebon kien kih, ora eran yén basa Cirebon-Indramayu bisa gampang manjing lan dadi basa ibu utama, ning antarané basa sunda, nggo srana komunikasi sedina-dinané.
Samentarane Kota Cirebon*6 sing ana ning deretan kisik lor Pulo Jawa. Awit sing bang wétan Jawa Barat, garis kisiké mandan dhawa. Adohé 8 kilometer marani wétan. Yén diukur sing Lor marani ngidul adhoé ana 11 kilometer. Yen diukur duwuré daratan ning duwur rainé laut ana 5 meter. Kota Cirebon kepanjingé dataran endep. Marani meng kota kien kih, bisa dijugjug sing endi baé. Yen nganggo dalan darat adohe 130 km sing arah Kota Bandung, Ana 258 km yén sing Kota Jakarta. Beli éran kan, yén jangka sing parek mengkénén kih ndadékna Kota Cirebon dadi kota sing paling cepet mangembang pembangunanné lan sekien wis bisa disebut kota metropolitan.
Kota Cirebon kepanjing daérah tropis, karo suhu udarané rata-rata 22,3°C lan paling akéh 33,0°C. Paling akéhé tibane udan 1.351 mm per taun, dina udané ana 86 dina. Anyebé hawa ning kota kien kih kira-kira antarané ± 48-93%. Tamtu ndadekna pengaruh iklim sing panas uga ning prubahan kultur masyarakaté. Rakyat kota Cirebon sekien wis jarang sing nggunakna basa jawa atawa basa Cirebon. Krana kemajuan kotané sing nambah cepet lan sekien Cirebon wis dadi kota sing ora bisa nolak terus nambaé penduduk sing pada manjing.(urban). Dadi ora eran uga yén basa, lagu, tembang lan kegiatan kesenian tradisi sing bengen sedina-dinané dadi ciri khas ning masyarakat kota kien kih, sengsaya nambah pada arang. Kebuktian maning sawis bubare group tarling “Putra Sangkala” awit taun 2000, sedurungé pimpinan group tarling legendaris kien kih yaiku H. Abdul Adjib*8 ninggal dunya ning awal taun 2011.
Samentara iku kota Cirebon secara etismologis uga kawentar dhuéni aran Kota Udang lan Kota Wali. Malahan mah awit bengen kuh dikenal dhuweni julukan kota Caruban Nagari*9 (Cirebon pananda nagari ) Ana maning sing nyebut; Gragé (Negeri Gede = ning basa Cirebon né = kerajaan kang amba). Kota Cirebon pancén potensial dadi daérah patemonan antara budayane wong Jawa lan Sunda. Mulane pirang-pirang abad sing wis keliwat, masyarakat Cirebon mampu anggone nggunakna rong basa, yaiku basa Sunda lan basa Jawa.

Lirik tembang minangka Simbol réalitas
Selanjuté ayo pada ngesepi tembang sing ngwakili masyarakat wanodya Indramayu-Cirebon. Lagu kien kih syairé pancén wis dhuwéni unsur rima lan irama sajak. Kayané ya bisa disebutna wis kepanjing nuansa sastra. Senajana kaya mengkonon masih katon jelas ana janggalé, utamané ning sajrone ésénsi lirik. Sebab yen dipikir, maknane ora umum dadi contoh prilaku masyarakat jawa. Simak baé yu laguné; Ning kono dicritakna ana salah sijiné wanodya sing tresna ora kejagan ning wong lanang sing wis dué rabi. Intiné sing teks lirik lagu kien kih dadi ungkapan jujur masyarakat Kabupaten Indramayu, Kota Cirebon*19 lan Kabupaten Cirebon, sing uga diamini déning masyarakat Indonesia. Maknané kaya déné mbuka kedhok (simbol) sing nodokna keserakahan nafsu kemanungsaané (waca: jiwa korup) -- kepengene slalu brusaha ngraih harta bendané negara uga sing sejatine dekene wong liyan. Anehé maning, senajana umuré wis puluhan tahun, lagu kien kih langka sing mrotés utamané ning kalangan 'gender' lan pengamat social budaya. Kaya-kayané krana wis kadung dadi symbol moralitas bangsa, sing cenderung ora pernah puas ning dunya sing wis didhuwéni. Yuh simak laguné “Tetep Demen”;
“Bli bisa di ilangaken, tetep baé demen
perasaan sun keganggu, yén sedina bli ketemu
kelingan kenang mesemé, Kebayang ning gantengé
mengkénén temen rasané , demenan ana sing dué
kelingan kenang mesémé…
REFF
Kang kula ngarti, Sampéyan wis dué rabi
tapi kepribén, kula ora bisa klalén
kang sing percaya , kula ning sampeyan tresna
sewulan sepisan, tulung kula tilikana
senajan ora di kawin, nanging ikatan batin
kula ngrasa prihatin, kemutan janji kang dingin.
***
Ngresapi tembang Tarling Dangdut apik basa Cirebon-Dermayon mau, sapa baé bisa langsung paham. Apa lan priben sing sebeneré dadi realitas masyarakat negeri ning jaman sekien. Jujur baé yén nyimak syair lagu sing nembe ditembangna --para pencipta lagu, uga sing nembang wis mampu meménéj emosiné. Buktine bisa gawe tembang sing bagus nggunakna basa ibuné déwék. Malah-malah sun sih yakin sing nyiptakna lan sing nembang ora pernah ngrasa yen déwéké secara langsung melu nyosialisasiaken tembang nganggo basa jawa . Para biduané ora mikir tembangané kuh dipahami mbuh beli.
Apa sing wis ditembangna semata-mata, minangka makarya sing dipacu supaya cepet dadi duit, lan selanjuté gagé gawé lagu maning, kaya déné nggawé rempéyék utawa nggoreng tahu aci. Persoalané dudu krana nganggo basa Indonesia atawa basa Jawa sing digunakna. Basa-né wong Cirebon lan Indramayu sekien kih wis dikenal dadi sebutan basa Cirebon. –Catet : tanpa dipai imbuhan basa Jawa pantura dialek Indramayu atawa Cirebon.


Basa ne Ora Kepanjing ning péta
Kaweruana uga yén basa jawa sing urip lan diurip-uripi ning pantura kien kih ora pernah kecatet lan manjing program pangembangan Basa Jawa ning Indonesia. Senajana kaya mengkonon kuh sejujure masyarakat Indonesia ning dekadé rong puluh taun mrene, justru lagi kesengsem dening syair-syair tembang Jawa Pantura Indramayu-Cirebon. Ndeleng pakngmbangan sing santer kaya mengkénén kih, gelem ora gelem ndadekna masyarakat ning sejabané Pantura dadi paham lan bisa melu bareng nembang karo mbanggakakna basa Jawa sing wis dibungkus sajroné lagu. Bisa uga karo nggunakna lagu-lagu kien kih melu niti fungsi tembang, minagkane corong kemajuané basa Jawa ning Pantura. Utamane nguatna seni budaya jawa sing notabénéné kepanjing kontéks pangembangan basa.
Diwerui uga wis sué basa jawa sing mangembang ning Indramayu lan Cirebon kien kih durung pernah dipai senggolan sing para peneliti basa jawa. Apamaning kesenggol proyek pangembangan basa jawa sing spesifik ngungkap pirang-pirang dialek. Khususe sing ana ning wilayah kulon lan pinggir kisik lor Pulo Jawa atawa Pantura. Sing akhiré mai pluang nganggo tokoh-tokoh basa ning Indramayu lan Cirebon, nggo nguculna diri sing sebutan basa Jawa. Mulané desekan kuen kuh akhiré kalaksanan sewaktune taun 70-an. Kala semono masyarakat intelektual Indramayu lan Cirebon nolak nggunana kurikulum basa jawa Wetan sing dadi sumber pengajaran basa daerah ning sekolah-sekolah.
Kekosongan kuen kuh akhire dimanfaatna dening penguasa ning Provinsi Jawa Barat nganggo ngwajibaken masyarakat Indramayu lan Cirebon nggunakna basa Sunda. Basa sunda akhiré dadi basa sing kudu diajarna ning daérah kien lan dadi basa pendidikan ning sekolah-sekolah. Samentara iku ning kalangan akademisi lan para plaku basa Indramayu terus terusan berjuang. Ana sing ngebut nggawé kamus lan materi pelajaran basa Indramayu sing diprakarsai déning Warnali, Sumarjo lan batur baturé.
Mengkonon uga batur-batur seniman, budayawan lan kalangan pendidik ning Cirebon. Tokoh-tokoh sing ana ning kota lan kabupatén ora gelem kalah karo pelaku basa daerah ning Indramayu. Sing akhiré perjuanganné nyuarakaken basa Cirebon ngunduh kasil nembus birokrasi ning tingkat provinsi Jawa Barat. Basa Cirebon akhiré dadi basa resmi minangka basa mandiri lan dadi basa resmi sing bisa urip iring-iringan karo basa Sunda lan Melayu-Betawi ning Jawa Barat. Embuh unsur politik atawa lan sebab apa, sing jelas sekien Basa Sunda wis ora diajarna maning ning Indramayu lan Cirebon. Padahal basa Indramayu waktu semono wis dadi basa daérah kang wajib diajarna ning sekolah-sekolah—krana wis dué kamus lengkap, kurikulum lan uga buku materi pengajaranné.
Ning kenyataané apa kang diperjuangna dening batur-batur peneliti basa ning Indramayu iku, nyatané gelem ora gelem kudu nerima basa Cirebon minangka basa mandiri ning Jawa Barat. Bahasa Cirebon dadi basa sing ngadeg dewék bebarengan karo basa sunda lan basa Melayu-betawi. Mung baé; perlu uga diwerui, sampé dina kien basa Cirebon mau durung pragat anggoné nyusun kurikulum nggo nyiapna dadi materi pengajaran. Sampe sekien malaha gah durung lair kamus sing bener-bener lengkap sing bisa dadi materi pengajaran lan buku-buku sumber nggo diajaraken ning sekolah. Artiné pelaksana proyek pangguna basa Cirebon durung nyepakati sumber-sumber baku minangkané pakem sing bisa dadi muatan lokal sing cocog nganggo dadi acuan sajroné pembelajaran basa ning telung daerah mau. Misalé baé “Buku Genau Basa Indramayu-Cirebon” nggo diajarna ning Indramayu atawa “Buku Genau Basa Cirebon-Indramayu” nganggo materi pengajaran basa ning kota Cirebon lan kabupaten Cirebon.
Durung kompakké masyarakat Cirebon-Indramayu nggo nrima tekané basa Cirebon uga katon sewaktune ning Cirebon ana “Lomba Maca Puisi Cirebon” (Dening pakar basa Cirebon tebung puisi sing basa Indonesia tetep kasebut puisi, sedenge ning Indramayu, puisi wis lazim kasebut Gurit utawa geguritan). Ning dalem pelaksanaan lomba ning Cirebon kuh, spanduké situlisi “Lomba Maca Puisi Basa Cirebon”. –Panitiané uga nulis bab sing pada ditulis ning buku materi lomba, uga ning kaos panitia karo sederétan aran penulis sing asalé Kabupatén Cirebon, Kota Cirebon lan Indramayu. Nanging sewaktuné di gelar lomba sing pada taun arepé ning Indramayu, spandukké ganti tulisané; “Lomba maca gurit Dermayon-Cirebon”.
Sing kono baé wis kathon durung kompaké lan kurang harmonisé masyarakat Cirebon nrima basa Indramayu, Mekonon uga warga Indramayu ngakui basa Cirebon dadi basané wong Dermayu. Pembeda kuen kuh masih dadi paslisian santer sampé sekien lan durung ana pungkasané.
Dikotomi pengguna basa Cirebon-Indramayu uga sering kedadian ning group seni téater rakyat sing diarani “Sandiwara” lan ning Cirebon kasebut “Masrés”. Yen ning Indramayu nggunakna basa kawi, ning Cirebon nganggo basa bebasan sing jelas krasa mirip pisan kaya dene basa Jawa Wétan. Ana uga pembeda sewaktuné salah siji group masrés ngisahna legenda Cirebon-Indramayu ditanggap ning Dermayu, sutradara lan senimane ora wani ngisahna menangé laskar Cirebon sewaktune syiar agama Islam. Uga sewaliké, sewaktuné group sandiwara Indramayu pentas ning Cirebon, Ora wani menangana laskar Dermayu sewaktune njaga serangan Laskar Cirebon sing arepan njajah lan mai pengaruh agama anyar ning daérahé.
Mbuh kenangapa, kelompok seni rong daérah kien kih kayané wis sepakat njaga kewibawan lan paseduluran. Sahingga pemali anggoné saling kalah lan ngalahna. Padahal legenda daerah sing dikisahna kuenkuh wis pada-pada dadi pakem lakon. Tapi ya embuh endi sing bener endi sing salah, langka kang weruh. Krana sing awit bengén gah sutradarané langka sing ngajari nggawé skenario. Dadi ora éran yen kisah legenda ning daerah keloroné iku nggantung sewaktuné dipentasna. Seniman sandiwara lan masres nggunakna dialog lan tuturan kisah sejarah sing langka beban, justru sewaktuné pentas ning daerahe déwék. Tamtu bae nganggo basane déwék-déwék.

Kuate pengaruh politis
Kaya sing wis dipaparna ning dhuwur, basa Cirebon wis dadi basa mandiri*10 hal kien dikuatna karo lairé Perda Propinsi Jawa Barat no 5 tahun 2003, sing wis matok Basa Cirebon dadi basa daerah, artine basa Cirebon metu sing basa Jawa, lan selanjuté bisa urip bebarengan iring-iringan karo basa Sunda lan basa Melayu-Betawi. Wiki Pedia uga nerangaken yen basa Cirebon lan Indramayu kien kih asale sing basa Sunda sing den pengaruh dening basa Banten*11. Padahal kosa kata lan padanan tembungé kathon semono akéhé ndueni padanan karo basa Jawa, kaya déné basa sing wis mangembang lawase atusan taun ning Jawa Tengah lan Jawa Timur. Muncule pirang-pirang soal sing dialami masyarakat ning Negara kita kih, akéhé sing nyangkut bab penguripan, ekonomi, sosial, budaya lan politik dadi pandengan sing unik ya gawe menarik. Pirang-pirang entitas kien mau ora mung dadhi semacem beban sing diderita déning masyarakat sedawané zaman.
Ora eran yén akhiré muncul gebragan-gebragan prilaku masyarakat sing ora den sadari uga nglairaken ledakan. Sing gebragan kuen kuh maknané ngwakili gerakan pemberontakan karna urip sing ora stabil, akibat timpangé panerapan keadilan ning tatanan hukum uga praturan. Kuen kuh sebabé, akhiré pada metu ungkapan-ungkapan lisan ning masyarakat yen den resepi nduweni makna gedhée minangkané symbol sing fenomenal masyarakat jaman sekien. Luwih ébaté maning sewaktuné ana ungkapan sing lazim kuen kuh kasebut ning sajroné lirik lagu basa jawa pantura Indramayu-Cirebonan*16 sing selanjuté disosilisasi ora suwe maning. Malahan pada waktu laguné meledak, dadi hit lan dadi kenangan sapé sekien, langka wong siji-siji acan sing wani mrotes. Realitas sing makembang dadi symbol moralitas bangsane dhewek. Kayadéné sing wis ketulis ning lirik lagu “Tetep demen” ning duwur mau.

Fenomena tembang Jawa
Diakui mbuh belia, sampé sekien pangembangan basa jawa ngalami hambatan ning sajroné njalani proses sosialisasi. Sebabé wis kenang pengaruh daya saing media komunikasi internasional sing ngutamakna basa Inggris, media cetak lan elektronik wis mung mai 1,5 persen baé nganggo basa Jawa. Saluwie nggunakna basa Indonesia. Samentawis ning sisi liané tuntutan basa jawa sing wis diprakarsai dadi basa ibu, terus diupayakna dadi materi pembelajaran lan srana pendidikan ning sekolah-sekolah. Basa jawa seolah-olah mung dekene kalangan ningrat kraton sing pusaté ana ning Solo, Yogya, lan Semarang minangkané pusat budayané wong Jawa. Sedenge ning sedawané kisik lor Jawa Timur justru sewaliké. Pangembangan basa jawa malah kedadiane nambah luwih maju, kaya dené sing ana ning pinggiran kisik lor pulo jawa (Pantura Kulon) khususé daérah Pemalang, Kabupaten Tegal, Kota Tegal, lan Brebes. Basa jawa dialek Tegal justru ngalami pangembangan sing signifikan.
Peningkatan kien kih dudu bae disebabna basa jawa dialek Tegal wis lazim digunakna dadi basa komunikasi ning daerah Pantura antara Pemalang sampe wates kabupaten Cirebon. Nanging krana faktane basa jawa dialek Tegal ya wis dikenal dadi ikon komedi lan basa sastra ning dékade rong puluh taun mrenekaken. Mengkonon uga basa jawa dialek Cirebon lan Indramayu sing wis dadi basa komunikasi lan basa tulis masyarakat Cirebon bang wétan sampe tekang kisik kulon Kabupatén Purwakarta.
Kabéh nyebut basa Cirebon lan Indramayu kien kih luwih ramah nganggo didadekna basa komunikasi lisan, tembang, uga sing ana muatan sastrané kaya déné geguritan, Dibanding karo basa Jawa pendidikan sing pusate ana ning Solo lan Yogya.
Nambah suburé pangembangan Sastra Jawa khususé puisi, gurit utawi geguritan wis kepublikasi ning wilayah pantura wétan lan kulon. Padahal ning kenyataané basa jawa sing ana ning wilayah pinggiran kisik lor Jawa kien kih ora kecatet kaya dene basa jawa sing wis dikembangna nganggo basa edukasi ning Jateng lan Jatim. Seringé disebut basa ndeso, udik, ngapak. Dialek basa jawa ning daerah kulon lan wétan kisik lor Pulo Jawa kien kih sering disebut uga basa pinggiran. Basa ning daerah kien kih pancén ora kenal tingkatan basa ngoko, krama madya, lan krama inggil. Anané mung bagongan lan bebasan utawa besiken jare wong Indramayuné.
Ning daerah pantura basané mung cuma kenal istilah bagongan lan krama. Malahan gah ning kalangan pendidikan basa daérah pantura, dikenal minangkané basa jawa pinggiran. Saking pinggiranne, katon sing sisi geografis, dialekké medok nanging alami, basa jawa ning pantura kih justru dadi basa sing dueni kehasan déwék. Sekien basa jawa pantura malah layak nganggo dadi kajian lan panelitian.
Uniké maning basa pantura wilayah Cirebon-Indramayu wis disepakati disebut basa Cirebon baé, senajana sampe sekien masih terus dadi perdebatan. Nanging nggo basa jawa pantura sing didadékna basa lisan lan tulis ning Tegal, Pemalang, Slawi lan Brebes malah durung kasil nrobos kekuatan birokrasi lan politik didadekna basa mandiri atawa metu sing kancah basa Jawa. Kemandirian sing durung ditampa dening basa Tegal mungkin baé disebabna tokoh basa, seniman lan budayawan ning daerah kien kih masih akeh sing nimbang-nimbang, blenakan. Sebab masih kandel pisan anggah-ungguhée. Sahingga luwih nduweni sikap “Bengal ketimbang wedi kepental”.

Ikon komedi
Coba baé dicermati, pribén yén salah sijiné basa didadekna alat nganggo srana hiburan. Buktiné sering pisan kedeleng ning mata, acara stasiun TV nyuguhna lakon lan guyonan sing manghibur. Sering uga ning acara kuen kuh tokoh sing nggunakna basa Cirebon-Indramayu, lan basa pantura dialek Tegal, Brebes, Slawi, lan Pemalang. Malahan gah ning salah sijine stasiun TV swasta, acara OVJ (Opera Van Java) sing diperana dening Parto, Azis, Sulé, Juju lan batur-baturé. Sering-seringe wong-wong kuen kuh nonjolaken basa Indonesia sing dicampur karo Basa Jawa pantura. Dialeke Parto minangkané dalang ning acara kuen kuh sing semestiné nggunakna logat khas Banyumas, malah milih gaya basa jawa pantura dialek Tegal.
Kadang kabeh uga nggunakna basa jawa pantura dialek Cirebon*15 -Indramayu. Ulaé Parto kien kih uga pernah dingo ning pelawak sing dimotori dening Kholik, Kasino Warkop, sampe Cici Tegal sing asliné Tapanuli. Unikké Basa Jawa sing mangembang ning wilayah Pantura kien kih wis dadi ikon ning acara komedi, teater, film lan tembang sing disenengi akéhé bangsa Indonesia.
Ning daérah Tegal, Banyumas, Brebes, Pemalang lan Slawi, senajan wis sué diwajibaken nggunakna materi ajaran basa jawa kayadene Solo, Yogya lan Semarang, tetep baé ora mai pengaruh gedhé maning kemampuan penduduké supaya bisa nggunakna basa Jawa sing sebeneré. Salah sawijiné contoh pangembangan sing wis kasil diupayakna ning kota-kota séjén ning seantarané Jawa Tengah, lan Jawa Timur. Artiné dialéké tetep bae setia karo basa ibu-ne sing khas lan medok, ngapak malahan gah ana kencenderungan nambah mengulon basa jawa pantura nambah variatif. Lamun dicermati bener-bener, dialéké uga nambah nyugiaken nilai-nilai spiritual ning panguripan ning nuswantara.
Mengkonon uga sing dialami ning basa ibu masyarakat Kota Cirebon, Kabupaten Cirebon lan separoné maning pinggiran masyarakat Kabupatén Kuningan. Kecatet uga ning masyarakat kono kuh ana daérah pewatesan Brebes-Kuningan lan Cirebon-Kuningan. Basa Jawa ning daerah wates kien kih kosa katané masih dominan nggunakna Basa Jawa, kayandené sing diajarna ning Jawa Tengah lan Jawa Timur, masyarakat justru luwih biasa nyebut basa Cirebon, dudu basa jawa Pantura dialék Cirebon.
Ning Indramayu sing kepanjing uga salah sawijiné kota ning pucuk lor Cirebon, sing due wates karo Kabupaten Subang lan Majaléngka kien kih malah dikenal yén Basané iku ya basa Indramayu utawa Basa Dermayon. Yén ning Cirebon, basané masyarakat wis kenang pengaruh gedhé déning basa sunda, Sedengé nganggo daerah Indramayu basa Jawa Dermayon kien kih malah wis mampu manjing meng daerah pasundan ngunakna jalur pantura Pamanukan, Sukamandi, Cikampék sampé Krawang, Bekasi malah uga teka ning Jakarta lan Bogor. Pengaruh basa Indramayu uga wis bisa nerobos meng sekitar wilayah sunda sejéné kayadene sing wis mangembang ning wates kabupaten Majaléngka (Ampél lan Jatitujuh) sarta ning sekitar Kabupatén Cirebon sing parek pisan karo masyarakat pasundan.
WIS ditegesaken ning WIKIPEDA, yéen basa Cirebon lan Indramayu iku kebentuk dening basa Sunda sing wis kenang pengaruh Basa Banten. Kenyataané adoh sing sebeneré. Masalaé sing sisi histori ,Indramayu dewek ngalami pangembangan minangkane daerah sing wis sue nduweni kemajuan peradaban Jawa awit akéh penduduké sing asalé sing Majapahit.

Ning buku “Babad Tanah Jawi” dijelasna yén R. Indrajaya diutus dening pemréntah kerajaan Majapahit nggo njaga Pulo Jawa, genaé ning muara Cimanuk. Uga WS. Rendra sewaktuné balik sing Belanda pengalamane ditulis ning HU Republika minggu kawitan Januari 2005. Njelasna yén krajaan pertama ning nuswantara iku Manukrawa. Anané ning Muara Kali Cimanuk, dudu Kutai. Rajané kang kawitan Prabu Welut Braja. Nduéni tahta seantarané abad 3-4 SM. “Manuk Rawa” wis berabad-abad dadi pusat usaha dagang lan kabudayaan, Adoh, sedurungé ana Sunda Kelapa lan Cirebon. Iku sebabé Réndra nyaranaken pemerintah ngutus ahli sejarah guna neliti muara Cimanuk ning Indramayu. Nanging sampé sekien langka relisasiné. Kayanemah wedi mbokatan weru sing bengén akéh kandungan lengané. Kayané wedi bokat rakyaté demo njaluk imbangan ékonomi. Krana wis atusan taun dibebodo. Akibaté rayaté sekien mung dadi babu utawa TKW.
Konon Manukrawa dicritakna sajaman karo krajaan Bumi Segandu lan Galuh Purwa ning Pasundan. Ana maning sing njelasaken yén ning catetan Tom Pyrés uga ketulis Indramayu pernah dadi kota pelabuhan gedhé, ningsewaktuné jaman emas Krajaan Majapahit. Pelabuhan kuen kepanjing wilayah tilik sandiné Majapahit nggo ngawas-awasi Pajajaran. Buktiné R. Indrajaya, sing di utus ratu Majapahit dadi aran Indramayu, akéh uga aran désa sing pada karo ning Majapahit, Ning Jatim ana Mojokerto sing ndué api alam. Ning Indramayu ana Majakerta sing api alamé parék karo Kilang Minyak Pertamina UP VI Balogan. Mengkonon uga arsitektur umah masyarakat Indramayu luwih pada karo wong Jawa timur ketimbang Cirebon lan yogya.
Mengkonon uga ning sajroné olah basa, masyarakat Indramayu nduéni kekhasan déwék dibanding basa Cirebon, Yogya, Solo lan basa Jawa umumé. Sing bengén sampé sekien basa Indramayu dadi basa komunikasi beda karo basa sing dadi dialog ning panggung sandiwara. Yén Ning Panggung Sandiwara, awit arané Tunil nggunakna tembung an misalé; an-dadar, an-nyawang, an-dheleng sing kepanjing basa prajurit jaman kraton Majapahit. Ana campuran basa Jawa lan basa Jawa Kawi (kuno). Mulané sampé sekien ning Indramayu ana tembung Sira, Reang, Bobad, Kita, Sun, isun, pada karo basané masyarakat Majapahit ,Jawa Timur.
Krana sing sisi geografis Indramayu parek karo Cirebon. Lan sing luwih cepet mangembang wilayahé uga Cirebon. Lan Cirebon wis dadi kota metropolis, pusat kebudayaan, due patilasan kraton, Senajana basa Indramayu mauné wis olih kemajuan dipengaruhi dening Basa Jawa sing digawa guru-guru dropingan asal Solo lan Yogyakarta taun 60-70 an, Akhiré kudu nrima Basa Cirebon*17 minangka basa kang resmi sing wis olih pengakuan déning pemerintah Jawa Barat lan pusat bahasa.
Dheleng data kuen kuh sanjrone ati kita dadi takon pinakon. Lamun bener wis dadi basané dhewek, kenangapa huruf sing digunakna ning pengajarane malah dudu hurupé dhewek. Kenyataané senajan ana basa Sunda, Banten lan sekien ana basa Cirebon-Indramayu kabéhé ya nggunakna aksara Jawa. Sing wis kawentar sajagat buana, moniné; ha-na-ca-ra-ka-da-ta-sa-wa-la, pa-dha-ja-ya-nya-ma-ga-ba-tha-nga. Wis kayang konon kuh nyatané mung cuman basa Sunda sing beda adoh karo Basa Jawa. Ning bab tembung, ucap uga dialék lan logate. Senajana kaya mengkonon sewaktune ganti adegan ning pentas wayang golek sunda mbuh wayang kulit sunda, tetap baé suluk-ke nganggo Tembang suluk basa Jawa.
Balik maning nyoal pangembangan basa jawa ning pantura Tegal-Indramayu sing sekien pada dilirik krana akeh metuné karya sastra sing wujudé geguritan lan tembang sing diwartakna ngliwati jagat maya (-internet) minangka sing lagi subur mangembang basa jawa dialek pantura sing ndueni kekhasan déwék, ning bab ucapan lisan uga sing lagu lan iramané. Nuansa khas basa Tegal lan Indramayu selanjuté diwarnani awit dekadé lagu-lagu dangdut Tarling éra brédarré kasét lan sekien luwin maju maning sawisé ana éra CD lan DVD,malahan gah sekien sekien kuh wis ana MP3 lan MP4.
Lagu-lagu Tarling dangdut basa Indramayu lan Cirebon kuh wis merajalela dadi konsumsi masyarakat Indonesia karo nggunakeken jalur édar bajakan CD lan cukulé éra musik panggung bebas ning masyarakat ketimbang éra seniman suksés marani kota Jakarta, sing awit matiné dalan uripé musik dangdut di layar TV diganti déning raméné panggung dangdut ning masyarakat. Utamané ning pantura Jawa Timur sing wis kasil ngangkat artis Inul Daratista sing panggung désa-meng désa nuju panggung gedhe papan duwur artis nasional. Inul sering uga nggunakna lagu basa Jawa kaya dené “prau layar”, “Anoman Obong”, “Alun-alun Ngajuk”, “Bojoku Nakal”, uga lagu-lagu Dermayonan kaya déné “Kucing Garong”, “Tétép Démén”, “Mujaér mundur”, “Lanagé Jagat” lan 'Kéder Baliké'..
Semono uga ning Indramayu lan Cirebon, wis dikenal artis dangdut tarling Aas Rolani, Dédée S, Nunung Alvi, Dunyawati, lan Déwi Kirana, artis kuwen kuh wis bisa nembus blantika musik dangdut papan atas. Keténarané minangka artis panggung, ora krasa uga melu berjuang nguri-uri pakembangan lagu-lagu basa jawa dialék Indramayu nganggo lagu-lagu dangdut tarling sing syairé akéh nyindiri. Malahan sindiran lan senggolané ngepas karo kondisi masyarakat sejagat amba.
Tiliken baé lagu “Mabok Baé” minangkan cerminan kondisi 'mabok' ning masyarakat sosial bangsa kita. Karo “Kucing Garong” nyimbolakén para koruptor sing tamak lan rakus. Lan sekien lagu “Nasib TKI”, “Di usir Laki”, "Kéder Balikée", syair-syair selingkuh sing wis dadi téks bebas ning tembang masyarakat Indramayu- Cirebon. Jujur baé laguné senajan kaya rempeyék gah akéh ngungkapna prubahan prilaku sosial politik masyarakaté.
Ning Tegal sejéné dimanfaataken nganggo makarya sastra, panggung-panggung keliling sing désa marani désa, kantor marani kantor dilakoni nggo merjuangaken tanpa wates déning para pelaku budaya lan pelestari basa jawa pantura dialék Tegal. Kaberané nyiiptakaken lagu lan disosialaken sing salah sijiné genah marani genah séjéné kang tujuané mangibur. Krana wis kadung dadi basa jawa sing dikenal dialéké khas lan lucu dikuatna maning dening pelawak Indonesia sing seringé ngunakna dialék Tegal ning sewaktuné munculna dialog sing seger. Mulané lagu-lagu dangdut uga populér basa Tegal kabéh dhuéni nafas komedi lan satir-satiré pada nyindir angggoné nyoal parngembangan sosial ekonomi ning masyarakat sing dibungkus guneman lucu.
Senajana masih ana wujud kang sederhana lan diperlokaken dening kalangan masyarakat sekitaré nasibé lagu-lagu basa dialék Tegal bias dipastikena bakal ngalami mangsa kejayan kayadéné tembang Tarling Indramayu lan Cirebon. Persoalané Tegal ya nduéni kekuatan jaringan perdagangan yaiku dhué éwonan tukang dagang sega Warung Tegal ning macem-macem kota se Indonesia. Seumpamané pemasaran lagu-lagu kuen kuh nggunakna jalur warteg kien, pasti baé kaya dené lagu-lagu Tarling, lagu basa jawa pantura dialék Tegal sing dimotori dening Hadi Utomo, Dimas Riyanto, Nurngudiono, Lanang Setiawan, Imam Klonéngan lan Agus Riyanto uga bakal cepet kawentar menasional ning waktu sing ora sue maning.
Simak bae laguné kaya dene “Mang Draup”, “Tragedi Jatilawang”, “Kali Gung,” “Alun-alun tegal”, “Galawi,’ lan “Ponggol Sétan” ini ;
“Dina sabtu malemé minggu, Aku metu mlaku-mlaku, Dandané nécis nganggo sepatu, Mbokan ana sing naksir yanu./ Kloyang-kloyong, Mlaku ngétan, Mlebu taman poci tegal. Sesek ngurek, Ramé ora karuan, Wong sing mlaku, pada sol-solan
Reff.
Nongkrong ning warung warung leséhan, Sing dipangan ponggol sétan
Médang poci pacétané bakwan, Barang pan bayar dompété kecopétan
Wetengé wareg ambekan sesek, Dikon mbayar dadi kemringet,
Ponggol sétan wis kadung dieleg, Nanggung utang dipatak uleg-uleg,”
Luwih béda maning karo pangembangan lagu-lagu basa jawa sing diproduksi seniman ning Yogya, Solo, Semarang, Malang lan Surabaya. Lagu-lagu jawa ning telung wilayah provinsi kien kih diakui mbuh beli lagi ngalami kemunduran. Senajan poténsi dagang lagu basa Jawa ning wilayah “gedhé” kien kuh nduéni potensi. Trutama disebabaken lahan nganggo promosi tembang utawa lagu basa jawa kuen kuh bisa karo group campur sari, Orkes Melayu atawa group dangdut koplo, Group wayang lan ketoprak sing marak dadi srana hiburan. Kemunduran kien kudu diakui krana tukang nyipta lagu lan pelestari basa jawa ning telung provinsi kien kih masih pemali nrima sumbangsih lagu-lagu sing kalangan masyarakat biasa. Artiné ora gelem nrima lagu-lagu ciptaané kalangan rakyat biasa. Padahal kenyataané justru pencipta sing kalangan wong sing dudu akademik lan masyarakat sajabané kraton, uga sing dudu seniman utawa dudy dalang kuenkuh sing justru luwih peka ngadepi kondisi sosial masyarakat lan politik negerine.
Kayadéné para pencipta lagu jawa pantura ning Indramayu, Cirebon lan Kota Cirebon*17 sing akéhé dikarang déning wong lanang sing ditinggal lunga rabiné dadi TKW lan kaum wanodya sing akéhé lunga mranto meng jaba kota. Para penyumbang naskah cerita, lagu lan tembang uga akéeh sing profesi sadina-dinane dadi tukang ojeg, tukang bécak, lan supir angkot. Lamun déwéké due lagu bagus, pihak produser rekaman pasti baé nrima. Malahan déning koordinator seni sing dipercaya ning masyarakat pencipta lagu-lagu basa jawa pantura Indramayu-Cirebon kasilan sing gawe lagu lumayan nggo tambahan pangan. Umpamane iku yén laguné pan ditempeli aran pengarangé laguné diregani Rp25-50 ribu. Nanging yén arep didol bebasan (adol ucul-red) pencipta lagu bisa olih duit perlagu mulai Rp 100-250 ewu. Contohé baé lagu sing wis tek tembangana ning kita mau, penciptané ya ora pernah disbut-sebut. Beda maning karo lagu ning jawa tengah lan Jawa Timur. Sewaktune ana lagu anyar pasti sing ditakoni “karyané sapa?”, “Lagune sapa?”. Kang mengkenen kih ora pernah ana ning Indramayu lan Cirebon. Kacuali “ wulan kien kih laguné sapa ya sing paling top ning radio lan TV swasta?
Persoalan kurang berhasilé lagu-lagu basa jawa séjéné ning Indramayu lan Cirebon, krana masih ana dikotomi seniman lan sing dudu seniman. Mengkonon uga ning Tegal. Para pecipta lagu ning Tegal sing akéh ya seniman lan pemerhati basa dialék Tegal, sing notabenéné uga intelektual. Akibaté ora éran yén ning jaman bengén kuh Ki Narto Sabdo sesanteré nyiptakaken lagu-lagu karo ngupayani supaya karyané kuen kuh dhuéeni ciri khas déwék lan bisa dadi lagu sing langgeng sedawané zaman. Beda karo jaman sekien. Sing penting laris manis soal langgeng beline kuenkuh soal nasib baé,”
Ning intine Didi Kempot Sing sing asalé Yogya kuen kuh rumangsa persaingan pasar lan produktifitas seniman sing nyiptakna lagu ning Jawa Tengah uga Jawa Timur ngalami kemunduran, déwéké ora asa-asa marani Cirebon lan Indramayu. Sekien Didi Kempot wis ngasilaken kolaborasi ning album lagu campursari sing diramu apik karo musik Tarling Cirebon-Indramayu. Hasilé tentu bae ndukung majune basa Jawa. Satemené Basa Jawa ning mata nasional lan jagat Internasional kepandeng bagus panngembangane. Rasakna bas agu kien. Didi Kempot duét bareng karo Nunung Alvi asal Cirebon. Kien lagune: "Jambu Alas"
A: “Kelingan manis ésémé, Trus kélingan, ramah gemuyuné
A: Tresno lan kasih, Kasih sayangé, Kapan aku kelakon dadi bojoné
A: Sayangé wis nduwé bojo, Nanging aku, aku wis kadung tresno
A: Nelongso rasané ngati, Yén, aku ra ,klakon mélu nduwéni
Reff.
A: Jambu alas kulité ijo, sing digagas wis dué bojo
A: Ada gula ada semut durung rondo ojo direbut
B: Sumpah ning batin yén kula bli dadi kawin
Tékadé ngati ora bakal luruh ganti
B: Sumpah wis janji arep sehidup semati
Seneng lan sedih bareng-bareng dilakoni
A: Jambu alas ndo, manis rasané, senajan tilas tak enteni rondoné
A: Kelingan manis ésemé, trus kelingan lamun gemuyuné
A: Tresno lan kasih, Kasih sayangé, Karep atiku klakon dadi bojoné.”
Sing kené kedeleng nambah jelas wélé-wéléan anggoné maknani basa masyarakat pantura sing ning kalangan inteléktual lan ahli basa Jawa awalé kepetung pinggiran, ning kenyataané pangembangané malah mai sumbangsih gedhé, nganggo pentingé basa Jawa. syair lan tembang tarling dangdut sing dikolaborasi nggo laras gamelan campursari kayadhéné sing digawakna Mas Didi Kempot lan Mbak Nunung Alvi mau, senajan buket karo tembung unduhan O, nanging bisa ketemu lan manis ning kolaborasi musiké. Mengkonon uga ngamati makarya sastra geguritan basa jawa pantura dialek Tegal, Indramayu, Cirebon lan Kota Cirebon, kudu terus nambah ramé lan nyenengaken. Minangka bagian sing basa jawa pantura ning pangembanganée. Nganggo ngamati masalah kuen kuh tamtu baé kudu gelem nguculna segala macem egosentris lan kepentingan politik sejénée.

Kosakata
Akéhé tembung sing asli ning basa Jawa logat pantura Cirebon Dermayon puniki mboten nggadahi padanan karo basa Jawa standar (Surakarta/Yogyakarta) ditilik sing sisi morfologi atawa fonétik. Pancen basa Cirebon sing diengggo ning Cirebon*14 lan Indramayu iku senajan kepanjing basa Jawa, ndueni pembeda sing cukup gédhé karo “basa Jawa baku”, yaiku basa sing diajarna ning sekolah-sekolah sing nganggo patokan basa Jawa Solo. Mulane awit taun 1970-an, buku-buku pelajaran sing Solo ora bisa dinggo, sebabé ora bisa dienggo krana luwih angél nganggo diajarna ning murid-murid (lan kayané guruné) uga akeh sing ora paham. Mulane ning taun 1970-an, buku pelajaran kuenkuh diganti karo buku pelajaran basa Sunda sing dianggep luwih gampang dipahami. Sebabé sing nggunakna basa Sunda ning Jawa Barat “luih parek”. Nanging ning kenyataané kebijaksanaan pemréntah Jabar kuen kuh ora tepat. Akhiré muncul gerakan nggo ngganteni, karo buku sing nganggo basa sing ana ning wilayahe, yaiku basa Jawa dialek Cirebon-Dermayon. Padahal basa Cirebon, Indramayu, Tegal, banyumas uga Jawa Timur yén pada-pada digawakna nganggo cara kromo/bebasan, ya sami mawon kaya dene basa Jawa.
Mangga ditutup makalah kien nganggo tembang sing populer ning masyarakat Indonesia. Lagu kien kih yen diamati uga njukut suksese lagu-lagu basa jawa pantura Cirebon-Dermayon. Yu pada ngresepi lan ngamati lagu sing populer digawakna Ayu Ting Ting*21 “Alamat Palsu”’.
Ning endi, ning endi, ning endi, sun arep nggoleti ning endi/demenan sing tak tresnani,/ ora ngarti sangkan parané. wis sué bli teka ning umah,/ ning endi, ning endi, ning endi, menengé sekien ning endi./
reff.
Mrana meréné gegawa alamat, / tapi sing tak temoni dudu déwéké,/ sayang, sing tek trima alamat palsu./ Tak takoni batur-baturé kabéh,/ tapi ngomongé pada ora weruh,/ sayang, kayané kula wis ketipu,/ nggawé sun kelayu kelaralara./ Ning endi, ning endi, ning endi… menenge sekien ning endi.
Reff/ mrana meréné gegawa alamat,/ nanging sing tak temoni dudu déwéké, / sayang sing tek trima alamat palsu./ tak takoni batur-baturé kabéh. / tapi ngomongé pada ora weruh
sayang, kayané kula wis ketipu./ nggawé isun kelayu kelaralara./ ning endi, ning endi, ning endi, sun kudu ngolati ning endi. kekasih sing tak tresnani ora ngarti sangkan parané
wis sué bli teka ning umah,/ ning endi, ning endi, ning endi, menengé sekien ning endi”.
(alih basa Dermayon – Cirebon dening Ki Tapa Kelana/Nurochman Sudibyo YS )
*.Penulis adalah pengamat seni budaya dan seorang penggurit di Pantura asal Indramayu.

Catetan Pinggir:
*1- Lagu Tarling Dangdut tarling “Duda Kepaksa” Populér ning Indonesia ora nonjolna sapa sing nyipta lan sapa penyanyi sing ngawakna laguné, *2—Tarling Dangdut pancén beda karo Dangdut Tarling. Tarling dangdut iku jenis lagu sing nganggo irama tarling, dikarang nganggo patokan gamelan selanjute diracik karo melodi gitar petik, suling klasik lan tepak gendang sing khas gaya seniman Indramayu-Cirebon. Ning antarane ana kendang gedhe lan gendang ketipung kecil loro sing ditepak bareng-bareng. Ari Dangdut tarling sih iku kuh salah sawijining jenis lagu dangdut nasional sing diiganti suaire karo basa jawa Cirebon-Indramayu. Lagu-lagune tentu bae ora bisa digawakna dening irama gamelan. Mung cuma melodi lan kendange sing dimodel kaya dene iringane tembang tarling. Contoe bae irama lagune “Keong Racun” beda karo lagu “Alamat Palsu” ne Ayu Tingting sing kepanjing lagu dangdut modern. Padahal yen dicermati maning lagu kuen gah njukut esensi kesenengane rakyat Indonesia sing sekien lagi gandrung karo musik Dangdut Tarling.(Migrasi dari gamelan ke Gitar-suling—sejarah tarling, karya Nurochman SYS lan gabungan penulis indramayu).

*3--Lamun dideleng sing genah geografisse Kabupaten Indramayu ana ning posisi 107° 52 ° - 108° 36 ° Mujur Ngetan lan 6° 15 ° - 6° 40 ° Lintang Kidul. Kabupaten Indramayu sing ana ning pesisir lor Pulo Jawa kien kih ndueni 10 kecamatan lan 35 desa sing watese langsung karo pinggir laut. Daerah kien entangannese dhawane garis pesisir pantai 114,1 Km. lan, Anane Kabupaten Indramayu iku kabentang sedawane pesisir kisik lor Pulo Jawa sing nimbulaken hawa udaran sing ana ning kabupaten kien kih cukup dhuwur yaiku - 28 ° Celcius.° ana ning kisaran antarane 18 derajat. Samentara rata-rata tibane udan sedawane taun 2006 bae mung 61,06 mm. Sedenge tiba udan paling dhuwur ana ning Kecamatan Kertasemaya kurang luwih gedhene 70 mm karo jumlah dina udan kecatet 2491 dina. Sedenge iku derese tiba udan sing paling sor ana ning Kecamatan Pasekan kurang luwih gedhene 55 mm dkaro jumlah dina udan kecatet 683 dina.

*4—Bahasa Cirebon; Awale pancen kepanjing basa Jawa dialek Cirebon, bengen dialek kien kih digunakna ning carana obrolan utawa komunikasine kaum usaha dagang ning pesisir Jawa Barat mulai sing Cirebon minangka salah sijine pelabuhan utama kala semono, khususe ning abad ke-15 sampe ning abad-17. Basa Cirebon dipengaruhi uga dening budaya Sunda krana anane piwatesan sing parek karo budayane wong Sunda. Basa dialek Cirebon kayane masih terus njaga wujud-wujud tembung kuna basa Jawa kaya dene kalimat-kalimat sing sering den ucapna, contoe bae ingsun (kita) lan sira (sampeyan) sing wis ora digunakna maning ning basa Jawa sing Baku.

*5--Dialek Cirebon diajarna ning sekolah-sekolah se wilayah eks-Karesidenan Cirebon, bebarengan karo bahasa Sunda. Ning wilayah eks-Karesidenan Cirebon, dialek kien kih digunakna sening mayoritas penduduke sing genae ana ning sedawane kisik lor kota Cirebon, kabupaten Cirebon, Majalengka bang lor, lan Kabupaten Indramayu utawa sing wis kawentar nyebutna basa Dermayon. Sedange ning Kuningan pada umume digunakna basa Sunda sing dialeke kaya basa Cirebon.

*6-- Kabupaten Cirebon anane ning antarane 1080 40’-1080 Mujur Wetan lan 60 30’ – 70 00’ lintang Mengidul. Jarak paling adoh sing Kulon- marani Ngetan dawane 54 km lan sing Lor- Mangidul ana 39 km karo ambane wilayah 990,36 km2 kepanjing 40 kecamatan, 412 desa lan 12 kelurahan karo ibukota kabupatenne sing ana ning kota Sumber.
*7-- Anane wates wilayah Kabupaten Cirebon iku Bng Lor: Kabupaten Indramayu, Kota Cirebon lan Laut Jawa, Bang Kidul Kabupaten Kuningan, Bng Ngetan: Kabupaten Brebes, Bang Kulone pisan Kabupaten Majalengka. Ndeleng wates sing strategis kayang konon kuh tentu bae ora dadi eran yen basa Cirebon-Indramayu bisa gampang muanjing lan dadi basa sandingan ning sewaktune ngobrol utawa komunikasi ning wilayah pasundan kuen.
*8—Kota Cirebon dikenal ndue aran Kota Udang[ lan Kota Wali. Sejene iku kota Cirebon kawentar uga disebut kota Caruban Nagari (penanda negeri caruban)) lan Grage (Negeri Gede ning dalem basa jawa cirebon artine kerajaan sing amba).[5] Minangkane daerah patemone budaya Jawa lan Sunda awit pirang-pirang abad sing keliwat, masyarakat Cirebon biasa ggunakna rong basa,yaiku basa Sunda lan basa Jawa. *9—Aran Cirebon asale sing tembung Caruban,[6] ning dalem Basa Jawa artine campur aduk (krana budaya Cirebon mangrupa campuran sing budaya Sunda, Jawa, Tionghoa, lan unsur-unsur budaya Arab). Bisa uga asale sing tembung Ci sing artine banyu utawa kali lan Rebon iku artine urang ning dalem Basa Sunda (karena urang ngupakna salah sijine kasil perikanan Kota Cirebon).

*9—Aran Cirebon asale sing tembung Caruban,[6] ning Basa Jawa artnei campuran (krana budaya Cirebon mangrupa campuran sing budaya Sunda, Jawa, Tionghoa, lan unsur-unsur budaya Arab) utawa bias uga asale sing tembung Ci sing artine banyu atawa kali lan Rebon sing artine urang sing ning Basa Sunda (krana urang mangrupa salah sijine kasilan perikanan Kota Cirebon).

*10--Revisi Perda, sebenare bisa bae nimbulaken argumen linguistik. Nanging, kepentingan sing gedhe sing perlu uga ditimbangna sing sisi politik bisa dadi pinutur basa Cirebon, sing ora gelem disebut wong Jawa apamaning wong Sunda. Ketua Lembaga “Basa lan Sastra Cirebon” Nurdin M. Noer nyritakna, yen basa Cirebon iku asale kasil silangan basa Jawa lan Sunda. Senajana mengkonon sanjrone omong-omongan wong Cirebon pasti masih bisa memahami sbagian basa Jawa, deweke uga ngomong yen kosakata ning tembung basa Cirebon iku terus mangembang ora mung ”ngandelaken” kosa kata sing basa Jawa uga basa Sunda.”Sejene iku, basa Cirebon wis due pirang-pirang dialek. Contoe bae dialek Plered, Jaware, lan Dermayon,” ucape Nurdin. Lamun arep diajukna revisi nggo Perda mau, kemungkinan gedhe masyarakat basa Cirebon bakal protes. Mengkonon uga ucape Pakar Linguistik Chaedar Al Wasilah sing ngamati ; yen diseleng sing kondisine pinutur wis kathon semono kuate, revisi tora kudu dilakoni. justru kang paling penting perlu gage dianakna pengayoman basa Cirebon sing anceman punah lan bakal sirna.


*11--Debat nyoal Basa Cirebon minangkane salah sijine Basa sing Mandiri, ucul sing Basa Sunda lan basa Jawa, wis dadi diskusi beda pemikiran sing dawa. Malah malah secara otomatise nyeret pirang-pirang panyebab kaya dene faktor Politik Pemerintahan, Budaya sarta Ilmu Ke-basa-an.

*12--Bahasa Cirebon uga nyukani pengaruh dening basa Jawa Banten, semonone ning tingkatan Basa Banten Standar uga sing ana ning tingkatan alus (basa Bebasan Jawa Banten). Konon asal muasal Kerajaan Banten iku pancene sing laskar gabungan Cirebon-Demak , gara-garane kasil mangrebut wilayah lor Krajaan Pajajaran.

*13--Sedina-dinane basa Cirebon kebagi loro tingkatan, yaiku tingkatan basa Cirebon standar (Basa Bagongan Cirebon) lan tingkatan sing alus (basa Bebasan Cirebon). Sedenge ning Indramayu, basa Dermayon ndueni uga rong tingkatan yaiku basa Dermayon bagongan lan basa Dermayon tingkatan alus sing dikenal uga karo istilah besiken.

*14--Ngliwati dalan kasil panelitian sing nggunakna kuesioner nganggo indikator pembanding kosakata anggota tubuh lan budaya dasar (mangan, nginum, lan sejene) landasan metode Guiter kien kih nodokna pembeda kosa kata basa Cirebon karo basa Jawa sing ana ning Jawa Tengah, lan ning Daerah Istimewa Yogyakarta nyampe 75 persen. Samentara bedane basa Cirebon karo dialek basa Jawa, sing ana ning Jawa Timur ngluwihi 76 persen.[1] Sedange lamun pengen diakui minangkane dadi salah sawijine basa daerae dewek sing mandiri, salah sawijine basa sebeli-beline mbutuhna paling akehe 80% pembeda karo basa sing paling parek karo wilayae.[1]

*15--Senajana kajian Linguistik sampe sekien wis nyatakna basa Cirebon ”mung cuman” dialek (Karena Penelitian Guiter nyatakna sing akya mengonon, yaiku kudu nduei pembeda karo basa tetangga daerah sing parek akehe 80% sing Basa apa bae sing ana ning sekitare), nanging ya ssampe sekien Peraturan Daerah Provinsi Jawa Barat Nomor 5 Tahun 2003 kih masih tetep ngakoni yen basa Cirebon, minangkane basa lan susu mung cuma dialek. Artine, sampe sekien durung ana revisi nganggo nyoal Perda kuen kuh. Miturut Kepala Balai Bahasa Bandung Muh. Abdul Khak, hal sing kaya mengkonon kuh ya sah-sah bae krana Perda iku mangrupa kajian politik. Ning jagat kebasaan miturute deweke, sasalah sijine basa bisa diakui dening dasar telung perkara. Pertama, basa aiku lair atas dasar pengakon dening pinuture, keloro kenang dedasar politik, lan sing kaping keketelu kenang dasar Linguistik.

*16--Basa kenang dasar politik, conto sejene bisa didekleng sing sejarah basa Indonesia. Basa Indonesia sing sebenare ndueni oyod sing basa Melayu, sekudune diarani basa Melayu dialek Indonesia. Nanging krana dasar pentinge srna politik, akhire dadi basa Melayu sing mangembang ning negari Indonesia kih–dening pemerintah Indonesia– dipai aran lan dihaki dadi basa Indonesia. Sejene alesan politik, pengakuan Cirebon minangkane dueni basa uga bisa dideleng sing wates wilayah geografis ning sajerone Perda iku. Abdul Khak ngomong mengkonon, Cirebon uga disebut ndueni dialek yen dideleng seantarane nasional karo nglibataken basa Jawa.Artine sewaktune Perda digawe mau mung cuma ning lingkup wilayah Jabar, Cirebon ora ndueni pembanding sing kuat kaya dene basa Jawa. Apa maning, dibandingna karo basa Melayu Betawi lan Sunda, Cirebon memange pacen beda.

*17--Paling akeh ning kosa kata asli sing ana ning basa kien kih ora ndueni unsur sing pada karo basa Jawa standar (Surakarta/Yogyakarta) dipandeng sing sisi morfologi uga fonetik. Pancen basa Cirebon mung dienggo ning Cirebon karo ning Indramayu iku senajan kepanjing basa Jawa, ndueni pembeda sing cukup gedhe karo “basa Jawa baku”, yaitu basa sing diajaraken ning sekolah-sekolah sing nyekel basa Jawa Solo. Kya mengkonon iku, sedurunge taun 1970-an, buku-buku ajaran sing Solo tora bisa digunakna maning sebabe terlalu angel dipahami bocah-bocah sekolah (lan mungkin uga ning sekabeh gurune). Mulane ning taun 1970-an, buku ajaran kuen kuh diganti karo buku ajaran basa Sunda sing dianggepe luwih gampang dipahami krana sing nganggo basa Sunda “luwih parek”.. Tapi ning kenyataane kawicaksanan sing kayan mengkonon uga ning kenyataane ora pas. Sahingga ndongol grakan nganggo ngganteni karo buku sejen sing ditulis karo basa sing digunakna ning wilayahe dewek yaitu basa Jawa Cirebon. [4]

*19--Ning taun 2010 didasari karo survei persepsi kota-kota ning sekabeh bagian negara Indonesia dening Transparency nternational Indonesia (TII), kota kien kih kepanjing kota sing paling korup ning Indonesia, Bab kien kih bisa dideleng sing Indeks Persepsi Korupsi Indonesia (IPK-Indonesia) 2010, sing mangrupa dadi ukurane tingkat korupsi sing ana ning pemerintah daerah ning Indonesia. Kota Cirebon olih biji IPK gedhene 3.61, karo rentangan indeks 0 sampai 10, 0 sing artine dipersepsikna paling korup, sedange biji -0 kuh sing paling bersih. Total responden sing diwawancarai ning survei sing dijalanaken antarane Mei lan Oktober 2010 iku ana 9237 responden, sing terdiri dening para plaku usaha. Ning sajrone pembagian administrasi pemerintahanne, Kota Cirebon iku terdiri atase 5 kecamatan (Harjamukti, Kejaksan, Kesambi, Lemahwungkuk dan Pekalipan), 22 Kelurahan, 247 Rukun Warga (RW) lan 1.352 Rukun Tetangga (RT).

*20--H.Abdul Adjib iku pendiri group tarling Putra Sangkala. Dikenal uga minangka pencipta lagu Warung Pojok lan Drama Tarling “Baridin-Suratminah” atawa kemat Jaran Guyang lan “‘Martabakrun” sing wis melegenda.
*21—Ayu Ting Ting, mangrupa artis anyar ning blantika musik dangdut, sing muncul ngawakna lagu hit “Alamat Palsu”. Kala akhir September lan permulaan Oktober 2011 wingi. Deweke diblou up media massa sebabe suarane sing khas lan penampilane sing sederhana ora kakeen goyang, among edge-edeg bawu karo ora nonjolaken lekuk-lekuk erotisme. Malahan gah klambi lan dandanane kuh ora seronok lan sexi kaya dene penyanyi liyane. Deweke bias dipadakna gayane artis dangdut jaman Rita Sugiarto lan Evi Tamala ning dekade taun 80-90 an.



Sekilas sejarah Cirebon.
*18—miturut manuskrip Purwaka Caruban Nagari, waktune abad 15 ning kisik lor Laut Jawa ana salahsawijineng desa nelayan cilik kang arane Muara Jati. Ning waktu semono wis akeh kapal asing sing teka usaha dagang karo wong-wong ning kono. Pengurus pelabuhane yaiku Ki Gedeng Alang-Alang sing ditugasi dening penguasa Kerajaan Galuh (Pajajaran). Lan ning pelabuhan kien gah kala semono uga terlihat aktivitas Islam semakin berkembang. Ki Gedeng Alang-Alang mindahna kampung nelayan kuen maning pemukiman anyar ning Lemahwungkuk, 5 km arahe ngidul maharani gegunung mareki kerajaan Galuh. Minangkane kepala kampong sing anyar dipunangkat Ki Gedeng Alang-Alang nyekel gelar ki Kuwu Cerbon.

Ning pangembangan selanjute, Pangeran Walangsungsang, putra Prabu Siliwangi diangkat dadi Adipati Cirebon nyekel Gelar Cakrabumi. Pangeran kien kih sing ngadegna Kerajaan Cirebon, diwiwiti karo tindakan ora ngirimaken upeti man9ing Raja Galuh. Mulane iku Raja Galuh ngirimna bala tentara meng Cirebon nganggo nundukkna Adipati Cirebon, kenyataane Adipati Cirebon luwih kuat tenimbang pasukane Raja Galuh sahingga deweke sing dadi pemenang.

Kayang konon iku sejarae krajaan anyar ning Cirebon Rajane ndueni gelar Cakrabuana. Ngadege krajaan Cirebon dadi tanda awale Krajaan Islam Cirebon lan mulai eksise pelabuhan Muara Jati sing aktivitase makembang sampei kawasan Asia Tenggara. Toli ning tanggal 7 Januari 1681 Cirebon secara politik lan ekonomi ana ning pengawasan pihak VOC, sawise penguasa Cirebon waktu kuen nandatangani perjanjian karo phak VOC.

Ning mangsa kolonial pemerintah Hindia Belanda, taun 1906 Cirebon disahna dadi Gemeente Cheribon sing luase 1.100 ha lan jumlah penduduke 20.000 jiwa (Stlb. 1906 No. 122 dan Stlb. 1926 No. 370). Selanjute ning taun 1942, Kota Cirebon diambbani maning dadi 2.450 ha lan taun 1957 status pemrentahane dadi Kotapraja sing ambane 3.300 ha, sawise ditetepaken dadi Kotamadya ning taun 1965 ambane wilayahnya dadi 3.600 ha.

Sawise ndueni status Gemeente Cirebon ning taun 1906, kota kien kih nembe dipimpin dening Burgermeester (walikota) yaiku ning taun 1920. Walikota pertamane yaiku J.H. Johan. Dilanjutna dening R.A. Scotman ning taun 1925. Pada waktu taun 1926 Gemeente Cirebon ditingkatna statuse dening pemerintah Hindia-Belanda dadi stadgemeente, manjing daerah otonomi sing luwih amba nganggo ngatur pakembangan kotane. Selanjute ning taun 1928 kepilih J.M. van Oostrom Soede minangkane walikotane.

Ning mangsa pendudukan tentara Jepang , didadekna Asikin Nataatmaja minangkane Shitjo (walikota) seng pemrentah antara taun 1942-1943. Selanjute dipimpin Muhiran Suria sampe taun 1949, sedurunge diganti dening Prinata Kusuma. Sawise proklamasi kemerdekaan Indonesia, pemrentah Kota Cirebon ngupayakna ngubah citra Kota Cirebon sing wis kebentuk ning mangsa kolonial Belanda karo simbol lan identitas kota kang anyar, beda karo sedurunge. kota kien kih dikenal karo semboyane per aspera ad astra (sing jagat eri lan endut marani lintang), diganti karo motto sing dienggo sampe dina kien yaiku sun titip tajug lan wong miskin.

--dipendhet saking kathah sumber.

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum