Nurochman Sudibyo YS Kidung Tangis Wengi

Jumat, 08 Maret 2013 0 komentar

Nurochman Sudibyo YS Kidung Tangis Wengi Aduh gusti ma ampun jagad kaya tungkeb, bumi... langit gagas sinambate sinambate ngajerit suarane apa ngajempring abane wong nangis abane wong nangis abane wong nangis wis dadi kudune kabegjan menang ing papan ayuda layang mati ... aja diguang guang aja dilarung larung pendemen ing pangungkuran ngisor tanduran pring gading lurubana lawon sutra ungu lurubana lawon sutra wungu sutra sutra wungu..... sutra wungu....

Nurochman Sudibyo YS Suluk Kehilangan

0 komentar

Nurochman Sudibyo YS Suluk Kehilangan Natkala kemutan dhika Kaya tungkeb bumi langit Mandhan apa yen adoa, kadher kalatan margi... Bawa rasaneng ati..... Kalangan segara gunung... Godong murag sing epange Kaya ngagas ati mamie...... Hemmmm....... Mangkene rasa mangkene....mandan mbesuk ning akherat....

Ki Nurochman Sudibyo YS Kidung Dangdanggula—.....

0 komentar

Ki Nurochman Sudibyo YS Kidung Dangdanggula—..... Bledeg kilat nyamberi jagat.... iki satria suci ing ati jung tuaning juang bela nagari tuladan sang penerus trah ing nabi iiii tumpah darah kanggo harga diri abang kelam suci, suci kabut darma bakti mring sang jagad panggugah cerah wujud agami i i iiii turun turunan nur suci kanjeng nabi kang den yakini

Dyah setyawati - Gusti Setemene Enyong Isin

0 komentar

Dyah setyawati Gusti Setemene Enyong Isin Meneri ngadep panjenengan liwat limang sms setemene enyong isine poor mestine igin panjenengan simpen kartu arane enyong kebek blontang blonteng catetan iremg putih polahku sadawame dina ati kaya jaran sembrani Patingpladang beleh kepetung pirang lusin sing tak tatoni Akh ndingkluk, ngguguk nglumpruk tangan sing badek kudu diwisuhi kamben tobat sujud sing paling eben resik sekujur awak tekan sukma Ya rahman ya rahim, ya muhaimin ajarna ilat lan lati padabae anggone ngocap Kompak toli khusuk ari nyebut asma panjenengan nganti gempa, gemluduk neng njero ati dadiya muara panggonane ngidek tutur luhur dadiya kali, laut gelora, gulungan ombak liwat dzikir, Allah, Allah, Allah Meneri ngadep panjenengan liwat limang sms, enyong nglarug ngudag kangen sing nemen Cemlorote cahya pepadang aja kosih ilang Senggane kembang lanyah ngocapna bahasa cinta apamaning ati,mesti luwihluwih Tak balangna luber sih katresnan kiye mung maring gusti minangka prasasti paling suci laka tunggale Ya robbi Patrikna rasa sih katresnan kiye neng pojok tembok nurani tanpa tedeng aling aling,eben terus eling Meneri ngadep panjenengan Eben bae rasa isin ngintili awake enyong Endah krasa dadi manungsa sing ora sia sia Gusti setemene, isin kuwe, wekene enyong Yanu yipik. 2012

Negeri Kelem - Ki Tapa Kelana

0 komentar

Negeri Kelem Krana tibanéng pangucap manungsa kang dén umbar ngaluwihi kuasané gusti saiki kedeléng ning mata sekabéh jagat pada robah menika angrupa tanda-tandaning jaman bonggan sira ora njaga sakubengé alam kedadiané bumi sewaktuné ndeleng tetanduran senajana akeh udan, Ora ketulungan ombak gedé ning lautan gawé ngeri para nelayan pesisir laut kepincrut tambah sué tambah ciut nyawang laut katoné sewot, ombaké gedé gumebyar krasa abot. wong nandur bako langka sing dadi malah mati kesiram bocoran lenga delengen ning sira dalan banyu sapinggiré dermaga durung pada dikeruki, Apamaning diséndéri, akhiré dadi kalén buntu, tutupan watu kali-kali pada mati, kebéngbat amarah emosi luru bati. sekien delengen dalan-dalan manjing pedésan kaya ombak-ombakan. aspalé pada kroak, dadi balong cilik anjul-anjulan delengen alas ning wates désa, kayaé akéh sing pada ilang wit gedé kari bonggolé, wit sedeng kari godongé tiba ning plataran bumi dadi siji capur lemah nyawa satoan, nyawa tanduran, nyawa sekabeh mahluk sukma jalma menungsa, uga dhalané kita bisa ambekan lumangkahé sira kabeh ora seimbang mulané mung bisa nembang. Sekubengé langit kumananda lair tangis saben dina. Saiki pun samya kathon tingalen mawon katah prau baita magrong-magrong nembusi langit kesungging benteng ketaton. Puniki pratanda ning jaman ilangé godong pacé, mampeté dhalan birokrasi, tugelé jalinan silaturahmi, sing wonten amung prédiksi, korupsi pun dados aksi, kula tiyang alit mung saged nyakséni kathah tiyang sami dahar daging sederéké piayambek Iku kula sedaya sampun den temoni, Nagari puniki pun keleb praja ne kérem. Negari puniki pun kelem, kérem kebanjiran banyu mata.

Manunggal Segara - Ki Tapa Kelana

0 komentar

Manunggal Segara Niatkan Belajar memulai, memuji syukur pada Gusti yang maha tinggi, pada nabi yang kita puji-puji Membuka tabir wisiknya alam, menghikmati ketegaran laut Karena Aku ikan selautan, nabi Qidir dan doa’nya. Memulai jadi saksi Membangun kekuatan palung, tanjung, dermaga dan muara Asin laut dan amis muara, aroma karat besi Jadi istana pasir di lautan dalam Angin dan ombak bercengkerama di kebisuan pantai Memaknai impian perminan bocah-bocah pesisir Berjejer seperti perhu dan kapal-kapal yang disusun Menjadi kota bermahkota baru, bertabur emas permata Seperti mereka yang berambut terurai dibasahi busa dan debur ombak Sepenuh badan bercampur lumpur pasir laut di kedalamannya Sesampainya di tengah samudra semua ikan besar menghampiri badanku, kakap, bawal, cucut, manyung, tongkol, tengiri Telah nyawiji menjadi satu dengan badanku. Aku kini manunggal dengan samudra yang luas. Dyah Setyawati: Mulai dari kursi RT, RW, Kepala Kantor, Kepala Wilayah, Pejabat, Aparat, semua demi tuntutan martabat yang harus diangkat oleh diri dan nafsunya untuk mulai menguasai, mulai memimpin mulai menjadi tua. Tua dalam berfikir, tua dalam berusaha, tua dalam bekerja, tua dalam berkarya, tua dalam berbgai suasana. Ia mulai menuntut jati dirinya. Ia mulai berusaha bersiasah, berkilah, berpolitik, mengotak atik angka, dan menggoyang-goyangka kakinya setelah bisa menopangkan sebelah kakinya di korsi gading dengan dasi yang miring.

Negeri Corong Renteng

0 komentar

Negeri Corong Renteng
Ngileng negeri kiyé memper corong renteng akeh kedadean sing gawé pikir manteng regejegan pating petenteng ora setitik tingkah polah pejabat sing baleng toli kapan nggoné anteng Godong-godong ijo sambat pingin luwih dirumat aja mung pinter mbabat Wit-wit jati diprétéli nuli nggawé nggrentesé bumi mbrebes mili alasé plontos yén ditembung mangsuli "mboten ngertos" semiliré angin kayong wis beléh ceméos sénggané banjir maring endi olihe nyingkir aja mungkir, angger baé bisa njaga, sejen cerita negeri corong-renteng, negeri sing durung anteng kudu diempling-empling olihé miara ebén aja tambah mleker angus angu sekudu diserbeti sing badek ledrek dibusek saora orane mending angger katon meling ooo,negeri corong renteng,mangliha sira ijo royoroyo pari pari,ani ani neng sanggulé prawan desa aja kosih lunga sawah aja kabéh dadi umah déwi sri mesti bakal bungah yén meneri ngambah rakyaté beléh kurang pangan ajangé nebek sega saben dina Negeri corong renteng aja nemen nemen manteng enggala anteng Nop 2009

Kidung Maju Berjuang - Ki Tapa Kelana

0 komentar



Kidung Maju Berjuang

Ayo maju anakku maju....
Tuture ibu iku sejatine surga
aja gawe lara miris atine
sedulur lan anak putu kudu satuhu
jihad dadikna  pengarep ati sanubari
sinaua wani kaya dene para begawan
ing  jaman keemasan Praja Nuswantara
manut miturut ibarat guru
jagat gumelar aja si slungkrahi kaya naraka
raja nagari bahari pun nyawiji siji
maknai kahanan ing jaman mengko
sedulu lanang wadhon, anak- putu banjir karya..
kathah makna.

Kidung Memala - Ki Tapa Kelana

0 komentar



Kidung Memala

Bismillahirochmanirrochim
Niat sun mimiti
Ambedar lakon ing dunya
Mbuka tabir purba..Kala....pangaweruh ingkang nyataa........
Mangusir bala angkara
Anyipta prahara...Memala Ing bumi Nusantara.....
palagan nafsu nira  ... aja mung ngrawudi dunyane nagari nuswantara....
ayo...reresik ati, mbasuh raga seawak-awak
buang prasagka kang blesak aja slasak slusuk
kakeen pikiran kang busuk
makempala bareng angrujuk
anggagas sekatae gagasan
kelawan niatan ambangun diri pribadi
dadi manungsa sejati
SEDULUR PAPAT, LIMA PANCER
SEDULUR PAPAT, LIMA PANCER
SEDULUR PAPAT, LIMA PANCER

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum