Dyah setyawati
Gusti Setemene Enyong Isin
Meneri ngadep panjenengan liwat limang sms setemene enyong isine poor mestine igin panjenengan simpen kartu arane enyong kebek blontang blonteng catetan iremg putih polahku sadawame dina ati kaya jaran sembrani
Patingpladang beleh kepetung pirang lusin sing tak tatoni
Akh ndingkluk, ngguguk nglumpruk tangan sing badek kudu diwisuhi kamben tobat sujud sing paling eben resik sekujur awak tekan sukma
Ya rahman ya rahim, ya muhaimin ajarna ilat lan lati padabae anggone ngocap
Kompak toli khusuk ari nyebut asma panjenengan nganti gempa, gemluduk neng njero ati dadiya muara panggonane ngidek tutur luhur dadiya kali, laut gelora, gulungan ombak liwat dzikir, Allah, Allah, Allah
Meneri ngadep panjenengan liwat limang sms, enyong nglarug ngudag kangen sing nemen
Cemlorote cahya pepadang aja kosih ilang
Senggane kembang lanyah ngocapna bahasa cinta apamaning ati,mesti luwihluwih
Tak balangna luber sih katresnan kiye mung maring gusti minangka prasasti paling suci laka tunggale
Ya robbi
Patrikna rasa sih katresnan kiye neng pojok tembok nurani tanpa tedeng aling aling,eben terus eling
Meneri ngadep panjenengan
Eben bae rasa isin ngintili awake enyong
Endah krasa dadi manungsa sing ora sia sia
Gusti setemene, isin kuwe, wekene enyong
Yanu yipik.
2012
