Gurit Dermayon - Si Wudel Bodong

Minggu, 24 Januari 2010

Si Wudel Bodong
Gurit Dermayon - Nurochman Sudibyo .Ys


Bismillahirrochmanirrohim
Sugeng rawuh pro priagung
puniki srana den siapi
Mugia ketampi. Raharja bagja tumuli
bayu, angin saking kulon
Tulung alon-alon, bayu, saking wetan,
Aja gumagetan, Rep rep sirep bayu saking kaler
Aja samya kumalawer
Rep saking kidul
Anak putu kumanjentul
Kelawan a muji syukur kaasihane gusti
Ingkang pun paring rahmat, sarta hidayah
Dumateng kula sedaya.
Sumangga sareng mirsani

Ech lur,lur,lur dulur, kenalaken sun kih si wudel bodong
Urip lagi dlapang-dlopong ndeleng laku lanpae menusa sing pada sombong
Bli rumangsa cilik dibopong mati digotong
Klalen yen jaman kih kaya tanduran tuwa sing wis pada growong
Lamun asem, asem kopongan kih isun si wudel bodong

Kita kuh si wudel bodong, pengen mangan ndandak talang tolong
Senajan weteng selalu kempong, sun emong gawe bohong
Wajar bae yen sun modale bokong kadergah empane singkong
Tangkrang tongkrong tangkrang tongkrong, ya isun si wudel bodong

Troktok ki dalang, muncul narasi :
Sejarah nyatet menusa jaman kien seneng barang-barang sing bodong
Motor, mobil, tivi, hend pond, lemah pekarangan, jabatan ech ya bodong
Surat-surat tur adminis trasi jarene wis akeh sing bodong kenyataane
Mending kita si wudel bodong, bagen puasa ngempong

Isun kih si wudel bodong, mangane sebuntel lontong
Nginume langsung sing gentong
Sedina-dina darang dorong

Ya isun si widel bodong. Kaya gedang sing lagi montong
Wani ngadep sun tak jendong
Ya isun si wudel bodong

Indramayu, 2010

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum