6 Puisi berbahasa Jawa Karya Nurochman Sudibyo YS

Rabu, 12 Oktober 2011

Nurochman Sudibyo YS
Nurochman Sudibyo YS
Tembang Kiser Sepi Jaran Guyang
:Balada Baridin-Suratminah

Pragat brayan mangan ning kebonan, gegodongan pada murag nimbulaken walantara. Sesek ngurek, kebek embun. Sampe-sampe halimun kewiyak, srengenge ora mandeg-mandeg nyerep pori-pori neng bumi, geguris tapak lemes kewes-kewes. Karo lembeyan bocah wadon sing njoged mlayu ning seantarane desa-desa sing terus mlaku. Tumindak marani puncak sing paling dhuwur, sampe ngluihi dedalan lumut campur endut. Jogedan, luluran ning lemah kubangan.Kebonan panceran nira duh prawan ayu. Ning gubuk bleketepe ketumpuk ijuk, sapinggire tegal suket, sira ngoyak-oyak tresna dadi bantalan sepur, sapenan lemah kegurat tilas tapak kebo. Diweluku sedina-dina, ditawuri winih, ketawur pupuk, laler lan tembelekke kewan. Sun seneng bli kejagan mambu lemah sawahe sira. Ratminah prawan ayu. Ambune bosokan anggas, uga kebule dami sing nyisakna angker terus kebakar. Dadi siji karo sarah-serehe swara nira. Suling sing wewisik mengkik, abane ngliak-ngliuk gawe sumuk. Kaya dene ani-ani sing ora mandeg-mandeg nyuled asmara tresna ning lumbung sing kobar. Maneni ambane kebonan katresnan. Pribasane pada bae nemokna bapak Dam karo mbok Wangsih, nguculaken kesadarane dewek-dewek. Sampe Baridin lemes dedhes ning petite urip, ibadat sing mancleng. Geal-geol kawas-kewes lemese jejogedan nira, kaya dene gairah basa sepi, dioyok oyok nafas dhawa sing ora mandeg-mandeg tetembangan. Kepengen rasane gage ngrubah nasib ira, dadi semilyar cahya. Supaya melu kemerlob kaya dene dalan-dalan sing wis dilayari karo tetawuran selendang lan kembang mayang. Melati, tetautan ati, dikebeki werna-werni sesaji ati sanubari. Angger bae tek mimiti mbuntel awak ira karo arupa werna. Sedenge isun gegubedan dewek ning kanvas jagat sing fana, karo terus muter-muter nggoleti sepine ritual Ajian Kemat Jaran Guyang, ngusir amarah, sengit, dendam, uga tresna. Minangka udan cahya ning desa Jagapura. Dupa wewangen, kebul menyan lan lenga wangi kesturi mancer-mancer dadi kubur kembar sing ora gapang ilang. Ora gampang ilang.
2011.


Nurochman Sudibyo YS
Sembahyang Alang-alang

Tasyakuran karo sing gawe urip, yen awak ira wis bisa ngibadah
ning sanjerone jagat padang jimbrang kaya mengkenen.
langka genah angker, langka awak sing langgeng keker.
iku kang diarani ajar-ajur, jejer ajer, juwar jawer

Sedhawane urip lelakon ngibadah, kaya dene tambang sing dililit mubeng
ngalar-alar sepira adho’e, digulung, diringkes kewales maning
marani galang gedhe, seambane sendang bandang

Yen bengi cahyane wulan katon padhang nyorot gegodongan gedang
yen awan srengenge ngupai terange jagat dadi padhang jimbrang
ora kejagan. Karo dedhonga kaya dene alang-alang sing ring rang

Zikir dawa kien uga ngalang-alang kumandang
puasaku ya puasa alang-alang ning pepadhang
sembahyang kula sembahyang alang-alang
ibadah iki ya alang-alang, sewaktune rubuh kena angin balang
awak obah digoyang goyang
endas, gulu, sekujur awak kumalayang
kaya dene suluk ki dalang dolanan wayang
kesorotan ayang-ayang kenang sorote dammar gedhe kang padang.
Sembayang isun alang-alang.

2011


Nurochman Sudibyo YS
Kiser Saedah - Saeni

Kala mau jagat minangkala ana ing jaman karuhun
tepate atusan taun. Ning tlatar pantura, desane amba, pinggir kali sewo
ning desa sukra. Ana salah sawijineng kaluarga
kang bakal nglairaken crita babad sengka awaling seni lan budaya

Sapeninggale mboke, saedah lan saeni urip dadi piatu
mang sarkawi sing dadi bapane rumaksana kepengen dueni batur
saumah lan nganggo ngopeni bocah loro mau
nari mbok maemunah si randa maesan. Kepirenga ning kala semono
nyi randa ayu, lan kemayu nggadai sifat kang nyilakani
syirik musrik, ala gandes ning prilakune
atine ora pada karo pangucape.Jare demen ning bapane lan bakal eman
ning sing dadi anak walone.

Barang dirasakaken sawuan pindo mulai nyi maemunah
gawe tingkah, akeh jalukan lan alesan-alesan
sing gawe mang sarkawi ora bisa nolak. Apamaning rasa tresna
wis tuniba ngeket ning batine saedah saeni urip kekoyak-koyak
perih ning ati nampi ning waktune bocah loro sering pisan dilelara
kadang ora dipai mangan, kadang turu diperwasa
padahal bocah loro mau ora nduweni salah
ning batien saedah lan saeni ngereges ora mari-mari
sering pisan tetangisan, tapi ora wani wadul ning sing dadi bapane
soale pernah kedadian wara-wara, apaning ngalami kenang jahate
mimi maemunah, dumadakan bapane disewoti diarani abot sebelah
akhire serba salah ning sawijineng dina, rumasa abot
angone njalanaken urip kakaluargaan, maemunah mulai jejalukan.

Tentu bae mang sarkawi masih demen lan tresna. Jalukane
supaya bisa misahaken keruedan sing dirasakna
saedah lan saeni kon dibuang mbuh dipateni
ning tengah alas sing renggit, sedenge sing paling parek kala semono
sing ana ya alas sewo. Ora ngalang-alangi tresnane
lan kasih sayange wong loro, sarkawi ngandel ning alesane maemunah
yen ora bisa urip mbagi kasilane mang sarkawi, sun mung bias ngalah
nggo mangan wong loro, bae dadi lamun ana saedah lan saeni,
maemunah ora bisa mbagi ekonomi.Urip kewanti-wanti, pijer mlalati.

2010


Nurochman Sudibyo YS
Mbok Tuwa

Mbok, si mbok, mangan apa sore kien kih, mbok?
kula anake sampeyan, tulung aja sapisan-pisan nyupatani
ya mbok, mbokan urip kula kapiran.

Mbuh lewane ngapa, sekien mbok tuwa ngejejer madep ngulon
kula ora diwelehi sewaktune takon
lagi sengit apa lagi ketuwon. Mbok, si mbok?
priben sih ora gage njawab kuh ? Apa lagi lara boyok ?
kula dewek kih wis kapok
nembe setitik menggawe abot-abot badane ngopyok
dengkuel teklok, kaya dikoclok-koclok
gagian gah mbok, aja sampe kula salah moyok

Kayu jati pribasane, mbok. Disigar didadekna lawang
mbokat sampe mati bli keturutan mbok, nemen kwayang
luru pangan karo dleprok eh malah disogok-sogok

Tulung mbok, gawekna pepes gecok tempe bosok
Sambele sing ijo dipai tomat diler ning cowet bengkok
banyu nginume bagen bae mbok, di curna ning batok
sun yakin mari kabeh mbok, segala watuk sing ngoklok-oklok

Mbok, si mbok. Aja mung bisane medeni kula ya, mbok
rumasa urip durung bisa mbalik bungah ning wong tua
kula ngrasa urip ning dunya akeh dosa,
kadang wani karo mbok tua
sekien si mboke ana ning endi?, kula ora bisa tangi pikir

Kula kih lagi glalang gleleng muteri tembok
kayane kula ketularan lara boyok, mbok. Dengkul kula teklok
matane kayane mulai kotok. Tulung ya mbok aja di payak poyok,
sebab kula lagi klok, arep wirid zikir, gampang runtag ati nroktok
mbokan bae mbesuk kelakon dadi wong sugih
pengen nyenengaken si Mbok. Bisa ngajak plesir
ning rengas dengklok, niliki sedulur tua sing jarene wis doyok
kula wis kapok, mbok. Pikir mentok wedi dikroyok
sebab mau bengi kula ngimpi dipai duit sagepok
diancem-ancem karo golok, yen bener tiba ning badan isun
kula arep ngrubah umah pagere simbok, dadi tembok dudu ndopok.

2011.



Nurochman Sudibyo YS
Amis Banyumata Muara Ngara-ara


Amis muara ngabarna swara sing ngara-ara
saketemune wengi kelawan hawa atis sing nerjangi badan
ndeleng ambane kali tepung nyawiji dadi siji
mulekna puseran ning sapepojok

Jeblag jeblug abane iwak ning kali. Kadang gawe ngeri
rumangsa dewekan dolanan kenur ning gubug pinggiran kali

Ning genah sing angker kayang kenen ana tlaga
Ning muara bojong. Kedeleng akeh uwong
dekene sapa ademe banyu sing bersih lan ngangeni kih
sementara kita malah isin ndeleng kecopoke iwak
sing kadang jrenggolok kaya sologan betok
tak waneni ndodok meneng anteng kaya watu
karo mandeng wong-wong sing pada slorokan
ning water boom jare wong sing doyan plesiran
kaya dene mandeng raksaksa sing medeni
karo ndeleng geni mulad-mulad mbakar ati kaya kesarad

Semestine sira teka ning wayah esuk, sawise ayam jago kukuluruk
sewaktune iwak-iwak dolanan pucukeng lung kangkung
kesurung ombak rincik cilik-cilik, gawe ati becik
ingeta aja sampe ngganggu kahanan endah sing ana
sebab yen sampe kepancing bakal mateni cacing
ingeta kien kih wilayah suci sing sekudune bebas merdeka

Sebabe buyut awit bengen durung pernah netesi getih abang
apamaning iwak-iwak sing ngrumpul sapinggireng waduk
mulai klalen ning wayah esuk. Sing diumbar mung suwara tanpa rupa
karo tetembangan, isrek tetangisan, perih batin sing nemoni isin

Kadang ngundang-undang kepudang, ngundag-undag manuk
sing pating sliwer wulune gondrong ndengak sombong
tapi sepisan pindo nyawang tumekaning ambane bokong
kaya manuk dara sing kelara-lara, kaya ketilang sing siadang-adang
kaya jalak sing pating kreak, kaya emprit sing pating jerit
wis tekang endi mbangun tlaga
atawa waduk bojong, sing dibopong pirang-pirang wong
negesaken keayeman rasa bebarengan, ana ning genah sing adoh, tah?
padahal parek karo kota lan segara. Dholanan banyu sing bli nyata
Pakra ora. Mekaya dolanan banyu mata nambah ngajak kekaca.

2009/2011



Nurochman Sudibyo YS
Mancing Kepiting

Sun ngarti apa mulane sira due kesenengan
mancingi bandeng lan kepiting
sing kono bae wis kedeleng
yen sampeyan wateke gampang petangtang petingting
apa bae sing kedeleng dicapit
gelem nyapit, emong kecapit. Uripe medit kapicirit
ning rayat sing mlarat, mrekicit kayane sengit

Aja petangtang petengteng kadiran lagi kuasa
kader kita gan weruh duwe balong balongane sapa
due tambak tambake sapa
sing ditanduri bae dekene Negara
sira korupsi pitung karang sisi. Ndeleng bae tiba saate
pasti bakal sirnane. Sandangan dipreteli, diklotoki

Sun melu mincing, mancing kepiting
dudu krana awak isun lagi gering
mikiri sampeyan kaya ndeleng pakean bli garing-garing
cahyane srengenge bli cukup gawe nglekeb ning awak
sira urip wis lelaku kirik galak, ditambah tambah mblangsak

Njeger kepiting nganggo welut tugelan
pancing kawat kejejer ngarah kuwat
kula sih mancing kepiting sote kepengen weruh
sedarang durunge wong kejebur ning dhuwur
karo sing kuasa, njebur ning sajerone banyu ketawur
aja watir kula njaluk solawat, kula dewek madher wis kuwat
ngepeni klambi ning pemean kawat
baka wani saja-siji. Ayoh dilawan kih, tenagane rakyat.

2011

1 komentar:

  1. Dini Hidayat mengatakan...:

    Sembahyang Alang-alang

    sembayang'e sapa

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum