Gurit Dening Nurochman Sudibyo .YS - Kupu Mabur, Jagat Nelangsa, Voorschotte

Selasa, 30 Agustus 2011

Kupu Mabur
Gurit : Nurochman Sudibyo .YS


Kemutan sebubare puasa Romadhon
mlakune bocah wadon alon-alon, katon kaya singgat
Sing mrembet ning godong pace. Saumpamane uler gendon,
knangapa gelem ngaton?
Kaya uler mrojol sing entunge. Dina kiyen sun lan sampeyan
kayadene kupu, rupane putih, mabur-mabur jejogedan
nganti tekan dhuwur langit
Marani cahyane gusti. Sampe-sampe, lintang wulan
kepandeng nggantung ning mega. Srengenge ngawe-awe,
ngingetna sepira tresnane panjenengan maring kula
Minangkane jalma liya sapepada
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar,
Laillaha ilallah Hu Allah, Hu Akbar,
Allah Huakbar Walilla’ilham.
09/10



Jagat Nelangsa
Gurit : Nurochman Sudibyo .YS

Krana tibaneng pangucap menungsa sing gampang sesumbar. Ngluwihi kuasane gusti, Saiki katon ning mata, kabeh jagat pada owah. Kien pada karo tanda-tandaning jaman. Bonggane sampeyan ora pada njaga sakubenge alam.

Kedadiane bumi senajan akeh udan. Bleh ketulungan. Ombak gede ning lautan gawe ngeri para nelayan. Pesisir laut kepincrut nambah ciut,Nyawang laut katon sewot, ombake gede gumebyar krasa abot. Wong nandur bako langka sing dadi. Malah mati kesiram bocoran lenga mentah.

Delengen, dalan banyu sapinggireng dermaga durung pada dikeruki. Apamaning disendei, akhire dadi kali buntu, ketutupan watu, Giline ombak-ombakan, aspale pating kroak, jalane pating jeglong. Compong, pada bolong ka malah di colong

Donge ngileng, saajrone alas akeh sing pada ilang. Wit gede kari bonggole, wit sedeng kari godonge. Godong garing tingbetatar, ngayah-ayah ning plataran bumi, dadi siji karo lemah. Nyawa satoan, nyawa tanduran, nyawa watu, nyawa kayu,Sukma jalma manungsa,kue dhalane nyong kabeh, bisa nggawe logrne ambekan

Lumangkahe sampeyan ora saimbang mulane mung cuma bisa nembang. Sakubenge langit mei tanda, lair tangis saben dina. Saiki katon kabeh, keweleh, Akeh prau magrong-magrong nembusi langit. Kejungjung benteng ketaton. kiye dadi tanda-tandane jaman, Ilange katerbukaan, mampete birokrasi, tugele jalinan silaturahmi. Sing ana saling prediksi, korupsi wis dadi tradisi.

enyong wong cilik mung bisa nyakseni wong pada mangan sedulure dewek. Kabeh wis nemoni jagat nelangsa. Nagarine isun kabeh klelep, alame kelem, nagarine sampeyan kelem dening akehe dosa. Dosa sing disengaja berjama’ah saben dina.

kaping 9 wulan 9 taun 9


Voorschotte
Gurit : Nurochman Sudibyo .YS

Sing penting panjer dikit. Ana U-eM jare calo proyekke
pecingan lah. Yen luwi jelas maning katon bakal ana untunge
soale bli kabeh wong bisa adol info modal pikiran
sing nyenengaken wong sejen. Bli perlu kake-en sajen
aja gemek ngloyong. Bli ngajak kita, pluwang menang bisa ilang
wis voorschotte bae dingin, ko tak kabari kasilane. Yen penasaran
ayo ndeleng dewek bagus tah beli barange

Dudu sun mata duitan, atawa bli percaya ning sampeyan
kien etika bisnis jare mang kumis, karo nabui mangkok basone
pengen untung ya kudu gelem korban, jeh....
manek gunung nanjaki jurang. Sikil pegel awake lemes
untunge akeh tetanduran sing bagus-bagus. Bagen lemes
berag bungah masih ana sing pikirane lamus
senajan mung bisane aras urus masih ana sing gelem adus

Vorscotte , bayar dingin nembe tak kerjani
voorscotte iku sing paling utama nggo mbuktiaken
sampeyan kuh serius tah beli, arepan bisnis kuh?

09

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum