INDRAMAYU TENGGELAM

Minggu, 22 Maret 2009


INDRAMAYU TENGGELAM

Krana tibaneng pangucap manungsa kang den umbar
Ngaluwihi kuasane gusti

Saiki kedeleng ning mata sekabeh jagat pada robah
Menika angrupa tanda-tandaning jaman

Bonggan sira ora njaga sakubenge alam
Kedadiane bumi sewaktune ndeleng tetanduran senajana ana udan
Bli ketulungan

Ombak gede ning lautan gawe ngeri para nelayan
Pesisir laut kepinrut tambah ciut
Nyawang laut katon sewot, ombake gede gumebyar krasa abot


Wong nandur bako langka sing dadi
Malah mati kesiram lenga

Delengen ning sira dalan banyu sapinggireng dermaga durung pada dikeruki
Apamaning disenderi, akhire dadi kalen buntu, tutupan watu
Dalane ombak-ombakan aspale kroak, dadi balong cilik anjul-anjulan

Ndeleng alas ning perbatesan kayane wis kakeen sing pada ilang
Wit gede kari bonggole, wit sedeng kari godonge
Tuniba di plataran bumi dadi siji dadi lemah

Nyawa satoan, nyawa tanduran,
Sukma jalma manungsa, uga dhalane kita kabeh bisa ambekan

Lumangkahe sira kabeh ora saimbang mulane mung bisa nembang
Sakubenge langit kumananda lair tangis saben dina


Saniki samya katon tingalen mawon
Katah prau baita mangkrong-mangkrong nembusi langit
Kajungjung benteng ketaton

Puniki dedadiane pratanda neng jaman
Ilange katerbukaan, mampete birokrasi, terputuse jalinan silaturahmi
Sing ana saling prediksi, korupsi wis dadi tradisi
Kita wong cilik mung bisa nyakseni wong pada mangan daging sedulure dewek
Iku kula kabeh pun nemoni Indaramayu tenggelam
Indramyu tenggelam. Indramayu tenggelam, Indramayu tenggelam

Puniki Indramayu Tenggelam
Mapagi dinten kaping 9 wulan 9 taun 2009

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum