NAGARI KEREM, KELEB BANYU MATA

Minggu, 22 Maret 2009


Krana tibaneng pangucap manungsa kang den umbar

Ngaluwihi kuasane gusti

Saiki kedeleng ning mata sekabeh jagat pada robah

Menika angrupa tanda-tandaning jaman

Bonggan sira ora njaga sakubenge alam

Kedadiane bumi sewaktune ndeleng tetanduran senajana ana udan

Ora ketulungan

Ombak gede ning lautan gawe ngeri para nelayan

Pesisir laut kepinrut tambah sue tambah ciut

Nyawang laut katone sewot, ombake gede gumebyar krasa abot

Wong nandur bako langka sing dadi

Malah mati kesiram bocoran lenga

Delengen ning sira dalan banyu sapinggireng dermaga durung pada dikeruki

Apamaning disenderi, akhire dadi kalen buntu, tutupan watu

Kali-kali pada mati, disumbat amarah emosi luru bati.

Sekien delengen dalan-dalan manjing pedesaan

Kaya ombak-ombakan. aspale pada kroak, dadi balong cilik anjul-anjulan

delengen alas ning perbatesan kayane wis kake’en sing pada ilang

Wit gede kari bonggole, wit sedeng kari godonge

tiba di plataran bumi dadi siji capur lemah

Nyawa satoan, nyawa tanduran, nyawa sekabeh mahluk

Sukma jalma manungsa, uga dhalane kita kabeh bisa ambekan

lumangkahe sira kabeh ora saimbang mulane mung bisa nembang

Sakubenge langit kumananda lair tangis saben dina

Saiki samya katon tingalen mawon

Katah prau baita mangkrong-mangkrong nembusi langit

Kajungjung benteng ketaton

Puniki pratanda ning jaman

Ilange godong pace, mampete saluran birokrasi, tugele jalinan silaturahmi

sing ana mung saling prediksi, korupsi wis dadi tradisi

Kita wong cilik mung bisa nyakseni wong pada mangan daging sedulure dewek

Iku kula kabeh pun samya nemoni, Negari puniki Klelep

Negarine kerem. Negari kelem, Negari kerem banjir banyu mata.

2008

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum