AREM AREM JABURAN SORE

Sabtu, 04 April 2009

pulak-pulek banyu sebatok
mulane aja maling-malingne sewot bli modalan
ambek banteng cangkem kaleng
yen cacing ngomonga cacing
ngurek lemah ngawur-awur jero lumpur
bur duwur, dudu manuk
bur dunuk, bli bisa mabur
apa beli ngawur
dadia nok, wanodya kang sejati
milih satrianira ingkang mukti
Iku cita adedalan kang becik
nyipta rasa, aji rasa
badan sawiji den lakoni
pribasane gelem lelakon
andon urip sajroneng pasar
puasa sajabane wong dagang sate
sing buka laris manis ngebul gawe ngelih
tapa ira semedi ning waktune
ana deleng dideleng, ana rungu dirungu
Iku satuhune ngaji batin
yen urip ora pengen nemu ning isin
sekien lara engko pekaya
bli bakal nemoni kalen asat, ana banyu ketawu
bagen urip ana ning jaman kang blenak
muga keayak, bagus kepanjing sing alus
wadag mlebet barang kang wadag
Iki jaburan ning swaktune bapa lan sema slametan
ana sempora, rengginang, rempeyek, ampyang kacang
nanging bapa kula luwih seneng jabur poci, bugis, nagasari
pipis boled, bongko gedang, lemper, jalabia, lan bubur lolos
kaen los, kien los. Kita sih wong tua urip ira pujareng kono
mung tulung tradisi aja dipregesi. enak blenak aja dipanglo
kejaba kuwen asli panganan sing desane dewek.

Indramayu, 2006

2 komentar:

  1. Unknown mengatakan...:

    Wooow... ternyata reang kudu ngagumi karya-karya panjenengan "Ki Tapa Kelana" awas aja salah nyebut diwacae "Ki Tanpa Celana" MAJU TERUS KESENIAN DERMAYON
    Wis semono bae komentare reang
    ...IPANG

  1. Unknown mengatakan...:

    Laaa Sip lah Ki Tapa Kelana Puisi karo tulisane OKE Pisan. Maju terus KESENIAN DERMAYON......

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum