BABAD DERMAYU

Sabtu, 04 April 2009

sun, kemutan waktune kanjeng Wiralodra
ambangun tresna kelawan ibu Endang Dharma
kembang randu lan gegodongan kabeh murag
sing epangnya, ketir iwir-iwir, ari-ari iki
kegawa keli. sedawaneng bengawan
Cimanuk prenahnya, ingetnang
Rumeksaneng diri Kelayung-layung ati
marani swargane Panjenengan kabeh,
kairing dening tembang suluk nadran, amapag sri,
sadekah bumi, baritan lan unjungan ning pekuburan

sun kabeh bingung, ngoleti tilasan prasasti
mbuh ning lontar atawa gurating watu
sampe jaman ngalih pambudi
anak-anak ira dhurung bisa nemoni
sapa sebenere panjenengan kabeh
sun mung bisa nemokaken asma liyan
Kanjeng Tumenggung Indrajaya
wontenipun dhumateng buku babad tanah jawi
nanging reang malah diisin-isini
uga waktune sun diajak plesiran
ning gedung budaya, nagerine wong Landa
kecatet yen ning muara cimanuk wonten nagari
awit-awit. naminipun keraton Manuk Rawa.

Indramayu, 90

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum