Gurit Dermayon : Topeng Rumyang

Jumat, 22 Januari 2010

Beja-beja’a ning wong sakubenge desa
yen sira wis mulai beger
anemoni mangsane rumyang
jejogedan jejingkrakkan lumayang-nglayang
kumalayang

Kaya layangan pegot pribasane
bocah nom-noman ning wayae
beger pribasane lokatan karepe dewek
akeh pisan pan jalukane

Rumyang-rumyang jogedane, kuwayang temen
wong enom yen bli gelem sembahyang
mangsa baleg mangsa cukule woh-wohan
aja sering-seringe ngelawan wong atua
rumangsane jare deweke ati penasaran
yen durung bukti lan durung renah uripe
Samulane rumyang-rumyang Jogedane,
ati-ati nig lumapae. Bokat wis kudune
urip ira akeh pisan cecobane
Wong tua arang ngwarai
Jaluk maklume bae, ning waktune wong enom
diseneni mbuh seringe penasaran sing dadi alesane.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum