Gurit Dermayon : Voorschotte

Jumat, 22 Januari 2010

Sing penting panjer dikit. Ana U-eM jare calo proyekke
Pecingan lah. Yen luwi jelas maning katon bakal ana untunge
Soale bli kabeh wong bisa adol info modal pikiran
sing nyenengaken wong sejen. Bli perlu kake-en sajen
Aja gemek ngloyong. Bli ngajak kita, pluwang menang bisa ilang
Wis voorschotte bae dingin, ko tak kabari kasilane. Yen penasaran
ayo ndeleng dewek bagus tah beli barange

dudu sun mata duitan, atawa bli percaya ning sampeyan
kien etika bisnis jare mang kumis, karo nabui mangkok basone
pengen untung ya kudu gelem korban, jeh....
manek gunung nanjaki jurang. Sikil pegel awake lemes
untunge akeh tetanduran sing bagus-bagus. Bagen lemes
berag bungah masih ana sing pikirane lamus
senajan mung bisane aras urus masih ana sing gelem adus

vorscotte , bayar dingin nembe tak kerjani
voorscotte iku sing paling utama nggo mbuktiaken
sampeyan kuh serius tah beli, arepan bisnis kuh?

2009

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum