Gurit Dermayon - Duren Dawa Gludug Moni Ketiga

Rabu, 10 Februari 2010

Mulane baka nglakoni urip aja selewa-lewa
Wis weru jagate udan, eh sampeyan awake kringetan
Dudu krana kesuen mola, dudu tas olah raga
Sing jelas sih nembe bae nrima undangan kesaksian
Yen bature ketuduh dadi tersangka
Soale jare si pelapor sira bareng mangan dunyane negara

Kala mau langka sing ngandel sira bakal kegawa
Kaya kodok keseret ning leleran sawah
Traktor gantine weluku, ati jontor napsu wis tamtu
Bengen kala masi dadi raja cilik, aja gampang mendelik
Ana wong gawe AJB langsung kitir diotak atik
Mumpung camate sering di gonta-ganti
Bebareng salah adol sawah ning wong sing bli ngarti

Duren dawa geludug moni ketiga, urip aja selewa-lewa
Ingeta ning esuk, bisa mati sapa sing nyangka
Ombak banyu ombak telaga, nandur kembang disirami
Demen wong ayu kudu gelem sengsara
Batur nembang sira sing nyenggaki

Mulane, aja gampang tuniba salah pangucape
Gelem nandur bakal ngunduh, ning batur gampanga wawuh
Purun maneni kudu nduweni, wis langka pari segedeng
Iku catur piwulang guru sejati, kang kedah den pusti-pusti.

2009

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum