Gurit Dermayon - Wakil Rakyat

Rabu, 10 Februari 2010

Pak, BU, Mas , Mbak, sing lagi ndodok anteng
Ning sanjerone gedong mangrong-magrong
Aja mung atak-utek mantuk-mantuk ngindari ngantuk.
Delengen bae jagate wis esuk.
rayat ira wis wayae dibesuk, ayam jago kukuluruk.
dugan klapa digepuk nyatane bluluk, wis aja tangklak tungkluk
Kaya mesin kurang gemuk. Delengen gajie wis numpuk
Nembe pirang wulan ndodok wetenge mumpluk.

Inget beli pak, bu,sewaktune mau adol gambar diri
Luru swara manjing jaba jero neng desa
Kelingan tah beli mas, mbak, wong bagus,
ning jangji kang wis den ucapaken
Arep nyumbadani persoalaane rakyat
Kang wis pada teken. Amit punten kula sih
lagi ngelingaken, aja sampe rayate kaliren.
Sue-sue nasibe sira dipikiraken

Rumasa beli sih sebenere sampeyan lagi diercaya ning rakyat
Apa kenang ngadiraken sugih kemat ?
Nembe ditakoni :”apa bae sih karya lan kerjaane?”
urate langsung njengat
mulane yen maca buku kudu tamat
aja kaya wong edan kakeen ngramat
dasar awak sampeyan isine singgat
bisa ndodok sote adol swaraneng rakyat.
Nangapa bli kelingan batin sing kesirat.

2009

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum