Dyah setyawati - Gusti Setemene Enyong Isin

Jumat, 08 Maret 2013

Dyah setyawati Gusti Setemene Enyong Isin Meneri ngadep panjenengan liwat limang sms setemene enyong isine poor mestine igin panjenengan simpen kartu arane enyong kebek blontang blonteng catetan iremg putih polahku sadawame dina ati kaya jaran sembrani Patingpladang beleh kepetung pirang lusin sing tak tatoni Akh ndingkluk, ngguguk nglumpruk tangan sing badek kudu diwisuhi kamben tobat sujud sing paling eben resik sekujur awak tekan sukma Ya rahman ya rahim, ya muhaimin ajarna ilat lan lati padabae anggone ngocap Kompak toli khusuk ari nyebut asma panjenengan nganti gempa, gemluduk neng njero ati dadiya muara panggonane ngidek tutur luhur dadiya kali, laut gelora, gulungan ombak liwat dzikir, Allah, Allah, Allah Meneri ngadep panjenengan liwat limang sms, enyong nglarug ngudag kangen sing nemen Cemlorote cahya pepadang aja kosih ilang Senggane kembang lanyah ngocapna bahasa cinta apamaning ati,mesti luwihluwih Tak balangna luber sih katresnan kiye mung maring gusti minangka prasasti paling suci laka tunggale Ya robbi Patrikna rasa sih katresnan kiye neng pojok tembok nurani tanpa tedeng aling aling,eben terus eling Meneri ngadep panjenengan Eben bae rasa isin ngintili awake enyong Endah krasa dadi manungsa sing ora sia sia Gusti setemene, isin kuwe, wekene enyong Yanu yipik. 2012

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum