Negeri Kelem - Ki Tapa Kelana

Jumat, 08 Maret 2013

Negeri Kelem Krana tibanéng pangucap manungsa kang dén umbar ngaluwihi kuasané gusti saiki kedeléng ning mata sekabéh jagat pada robah menika angrupa tanda-tandaning jaman bonggan sira ora njaga sakubengé alam kedadiané bumi sewaktuné ndeleng tetanduran senajana akeh udan, Ora ketulungan ombak gedé ning lautan gawé ngeri para nelayan pesisir laut kepincrut tambah sué tambah ciut nyawang laut katoné sewot, ombaké gedé gumebyar krasa abot. wong nandur bako langka sing dadi malah mati kesiram bocoran lenga delengen ning sira dalan banyu sapinggiré dermaga durung pada dikeruki, Apamaning diséndéri, akhiré dadi kalén buntu, tutupan watu kali-kali pada mati, kebéngbat amarah emosi luru bati. sekien delengen dalan-dalan manjing pedésan kaya ombak-ombakan. aspalé pada kroak, dadi balong cilik anjul-anjulan delengen alas ning wates désa, kayaé akéh sing pada ilang wit gedé kari bonggolé, wit sedeng kari godongé tiba ning plataran bumi dadi siji capur lemah nyawa satoan, nyawa tanduran, nyawa sekabeh mahluk sukma jalma menungsa, uga dhalané kita bisa ambekan lumangkahé sira kabeh ora seimbang mulané mung bisa nembang. Sekubengé langit kumananda lair tangis saben dina. Saiki pun samya kathon tingalen mawon katah prau baita magrong-magrong nembusi langit kesungging benteng ketaton. Puniki pratanda ning jaman ilangé godong pacé, mampeté dhalan birokrasi, tugelé jalinan silaturahmi, sing wonten amung prédiksi, korupsi pun dados aksi, kula tiyang alit mung saged nyakséni kathah tiyang sami dahar daging sederéké piayambek Iku kula sedaya sampun den temoni, Nagari puniki pun keleb praja ne kérem. Negari puniki pun kelem, kérem kebanjiran banyu mata.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum