Negeri Corong Renteng

Jumat, 08 Maret 2013

Negeri Corong Renteng
Ngileng negeri kiyé memper corong renteng akeh kedadean sing gawé pikir manteng regejegan pating petenteng ora setitik tingkah polah pejabat sing baleng toli kapan nggoné anteng Godong-godong ijo sambat pingin luwih dirumat aja mung pinter mbabat Wit-wit jati diprétéli nuli nggawé nggrentesé bumi mbrebes mili alasé plontos yén ditembung mangsuli "mboten ngertos" semiliré angin kayong wis beléh ceméos sénggané banjir maring endi olihe nyingkir aja mungkir, angger baé bisa njaga, sejen cerita negeri corong-renteng, negeri sing durung anteng kudu diempling-empling olihé miara ebén aja tambah mleker angus angu sekudu diserbeti sing badek ledrek dibusek saora orane mending angger katon meling ooo,negeri corong renteng,mangliha sira ijo royoroyo pari pari,ani ani neng sanggulé prawan desa aja kosih lunga sawah aja kabéh dadi umah déwi sri mesti bakal bungah yén meneri ngambah rakyaté beléh kurang pangan ajangé nebek sega saben dina Negeri corong renteng aja nemen nemen manteng enggala anteng Nop 2009

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum