Eling-Elinga Wong Eling Dudu Maling

Selasa, 10 November 2009

Eling lan waspada, iku pituture wong atua
gelem eling aja gampang pangling
eling-elinga dadi jalma manungsa
kudu eling karo sapepada
eling karo sing gawe urip,
eling karo sekabeh ciptaane
eling yen diri kula iki urip mung saderma
wong kang eling ning diri iku kaya dene pring tutus
ngiket sapamburine wong urip kudu jangkep pangawerue
sepatute kita eling ning bumi kang dadi pedhekane urip
eling karo langit rumasa nduweni kepengenan sing akeh
eling-elinga yen ketiga langka banyu, aja kakeen gemuyu
banyu butek diwadai ember, banyu comberan genae penyakit
banyu bening katon iwake
eling kudu bener, omongan aja nyelekit, tuniba waktu ning enake
elinga ning srengenge sing mai pepadang ning jagat raya
aja gumede, aja kadiran, aja kuminter
langka elinge bisa kepater
elinga ning gegodongan sing pada garing, tanduran kudu disiram
latar amba ditanduri, kalen dibeneri, kali dikeruki,
dalan diratani karo ati kang ikhlas
campuri aspal sing akeh welas. wong tani butuh dermaga sing waras
wong nelayan butuh beras, senajan akeh iwak, akeh duit,
langka elinge betataran rejekine
eling-elinga wong eling dudu maling
aja dumeh lagi nduweni jabatan korupsi brak-brakkan kaya nebar beling
pengen dadi pegawe negri ngumbar duit jor-joran harta
padahal bakti ning negara bli kudu ndodok ning jao empuk
mangan krupuk, nginum teh bruk, saben ana pluang dicakruk
bli eling kuen kuh duite rakyat, ketangguan bisa kegaruk
eling-eling aja dadi maling. Ayoh pada eling ning jagat persada
pengen urip sempurna nyampe bahagia kang paripurna
aja klalen dedonga, eling ning nasibe wong cilik, bangunana
keslametan dunya akherat go sapa bae, aja mung petangtang petenteng
kaya sega setengah mateng, gawe lara weteng
katon atine ireng bisa dibandreng.

Nopember 2009

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum