Bismillahirochmannirochim
Pur pur pur pring ngumpul sedapur, ngruak bumi nyenget langit
pating prungklul bronggol guluh, pang cilik pating jengat
godong ijo royo-royo, dosong garing semplak sing pring
ngayah-ayah plataran bumi, gawe rued ning pikiran
pating srungked kaya runtah betataran
bung bung bung rebung trubus mburaki buni
pating drongol padha njenggol nyingseb, nyungkak, nembusi waktu
nggurati zaman sing ewuh pambudi
Ning kebonan, ing pekarangan, alas rebung wana pring
pring gading, nggo pancer pangeling-eling, iku penting.
pring pethung, barang tua olih akeh untung
pring ampel, ning para aulia pada nempel
pring wulung, sing sering tulung pinulung
pring tutus, yen ngibadah kudu tulus
pring apus, sering tephung iku bagus
pring pring pring, pirang-pirang pring,
sing sering nemu gering iku penting bisa pangling
bung, bung trubus pirang-pirang rebung
sing nyambung, gemar nabung bakal olih akeh untung
pring, pring, bung, bung, rebung
pring sing bagus, pring sing apus, goletana pring pethuk
sing adli dudu olih nyambung, sebab iku saestune wong kang untung
pring pethuk, sing seringa pada pethuk, padha rujuk
aja doyan jalak-jaluk, mumpung emur surung tumeka esuk
pring pethuk pilihan siji ning antarane pring apus
kuat-kuate ning pring, bagus-baguse ning pring
nanging ana sing muwih bagus timbangane ming sa pring pringe
pring pethuk tumpat ketemu tumpal, bonggol ketemu bonggol
nanging ora salaras, nyungsang, ketemu mata sawang
pethuk gumethuk bongkot karo pucuk, dadi mustikaneng pring
pilihan kamulyaning elmu, kasejatianeng dalan pekaya
puniki pring pethuk ngundang sriti
mustika sing siaji-aji. Gawe narik manuk dedali
sing bisa ngopeni sira sanak putune, sugih banda salawase
dadia pring pethuk, aja akeh jangak junguk
delengen jagat wis arep esuk, bengen mlarat nagan sega krupuk
kien sugih mlawa dunya mangan wareg, awak teteg, duit gableg,
turu ning kasur kang empuk
blajara ning mustikane pring pethuk, tulung aja kakeen jalak-jaluk
werua bapa tua wis taklak tukluk, geger wathuk, ngukluk, ngukluk
pengen dadi wong kang dijejuluk
padha deduea pring pethuk, aja sampe nunggu awakke remuk
dadia pemimpin sing gelem pethuk karo rakyat bangsa petruk, gareng lan munyuk
milia pemimpin sing gelem gathuk karo rakyat cilik lan fakir miskin
dadia pemimpin sing amanah saya dene mustikane pring pethuk
urip sedina saesuk ngurip-uripi dalan kasampurnaan nggo sanggu mbesuk
sing kaya pring pethuk dadi magnit kamulyane rakyat
pring, pring, pring wit sapang mlangkring manjing godonge garing
bung, bung, bung trubuse rebung ambang ambung mung seneng dirabang rubung
pring pethuk jiwa pamingpin sing gelem pethuk
weru ning blenake rayat, weru ning sengsarane rakyat, weru ning bakal sugie
pring pethuk mustika oli asrak usruk, anak-putu tumeka ning besuk
ngindari kedadian negeri ambruk, temokaken pring pethuk
sebajan mung bisane antak-untuk, nanging gawe lawan pada warhuk.
Alhamdulillahirobil'allamin
dad
Pages
Pring Pethuk Ngundang Sriti
Jumat, 25 Desember 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
http://static1.freebitco.in/banners/468x60-3.png
Top Post
-
Rinduku Rumah Rumbia Karya : Dyah Setyawati 1 Rinduku pada jendela rumahmu tinggal se atap cinta semata zikir rumbia tembang mengemban...
-
Sexs Dalam Kacamata Wong Pantura Oleh : Nurochman Sudibyo YS. Kang kula ngarti sampeyan wis due rabi Tapi kepriben, kula ora bisa klalen Kan...
-
Dyah Setyawati Andai Kupinjam Namamu Dewi Renuka Wahai buah tubuh; seandainya kupinjam Dewi Renuka atas nama ibumu akankah tega membun...
-
” KEMAT JARAN GUYANG” cerpen: Nurochman Sudibyo YS. Dari 6 potongan adegan yang kusimpan dalam folder ini. Naskah aslinya sudah terbuk...
-
Nurochman Sudibyo YS Nurochman Sudibyo YS Tembang Kiser Sepi Jaran Guyang : Balada Baridin-Suratminah Pragat brayan mangan ning kebo...
-
Basa Pantura Langka ning Peta, Lagu lan Geguritane Ngrambah Nuswantara Dening : Nurochman Sudibyo YS --Sedurungé mbahas luwih jero makala...
-
Menilik Sisi Unik & Wisata Menarik BATIK SURYA BATIK PESISIRAN, BATIK PANTURA, BATIK PAOMAN, BATIK INDRAMAYU, JAWA BARAT INDONESIA Oleh ...
-
Nurochman Sudibyo YS Pameran Blendong Dartim Maret 2011
-
Si Corong Bolong Gurit Dermayon : Nurochman Sudibyo .YS Kader kita sih modale mung omong bisane nembang ning tengahe pepadang ngerti ...
-
Dyah Setyawati, Penggiat Sastra Tegalan Terproduktif Gusti Setemene Enyong Isin Meneri ngadep panjenengan liwat limang sms , setemene ...
Arsip
Gurit Dermayon
wahh.... jan apik tenin, Mas. Sungguhh...... (arieyokoKSMB).