Gurit Dermayon: Topeng Samba

Jumat, 22 Januari 2010

Topeng Samba

Blajara maca, semangsane cilik

utamane maca kahanan urip ira. Kang
Luwi becik maning mahami sakubenge alam
awit wayah paceklik tumeka ning rendeng
pengen balik nanging rasane durung mancleng

Jogeda topeng, topeng samba
Yen pan lumangkah aja selamba
Iurua kang kena kanggo tamba
kudu bener aja salah
wong ning dunya sekabeh sugih dosa
mending salah dadi bener

iki ilmu kang perlu den sumbadani
rumasa urip kudu ana arti
trengginas, lumangkah ira
senajana nembe bisa maca
lumayan kena nggo sangu mekaya
lan madangi pikire bapa tuwa.

2007

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum