Guritan basa Tegal – Brebes

Selasa, 18 Januari 2011



Guritan basa Tegal –Brebes
Dening : Diah Setyawati

KANGGO BREBES
(sugeng Ambal Warsa 333 Taun)

Senggane tarok sengaja terak terok
nggawe pelancong pada mlerok dudu moyok
tapi ngoyok

Brebes........;
kowen kudu resik njaba njerone
aja kosih katon cruwek kaya kluwek
sebab resik kuwe separone iman
tak jaluk aja eman-eman
olihe medaki pupur
eben katon mempur ; makmur
adoh saka takabur

Senggane iyaha ; kowen wis nlungsumi ping pira
bolak balik manglih rupa
nyungseb tangi kecucub eri
dipatil kahanan sing ora pere-pere
tapi kowen tetep mregenggeng
malang kerik, ndadagi sing repan teka
ndandani sing ora peta
mbuang sing ala
gudu mung merceka
tapi mbuktekna yen yuswa 333 jumblah sanga
kelebon angka waskita, bakal luwih temata
ngangkat rakyat, eben ora pating jlalat
sebab rakyat kuwe amanat
sing kudu dirumat
aja tungkula sambat
ayo bareng-bareng

Cancut taliwanda kanti nawaitu
njaluk restu maring sing Maha Kuwasa
Brebes beleh nggreges angres
Tapi digdaya lan sentosa.

Brebes ,Januari 2011







Guritan Basa Tegal-Brebes
Dening : Diah Setyawati

KEMBANG BAWANG



Seambane latar sapinggireng gili dawa
karpet ijo wis digelar nggo semedi lan ngraksa
ngungkapna syukur ora kudu diukur-ukur
senggane bisa nyong pengin sembahyang
nggawe petilasan apik sing gampang dilirik
nyong wis kapok, ndopok, gawe lara boyok
ndodok ndeprok kayong wis kapok
urip poyak poyok, nanging jebulane
anjog ngratapi ngoyok oyok ndoge si blorok

Kembang bawang ........;
awak abang, padang jimbrang
kowen ngrasakna apa ora yen ning njerone
batin rakyat wis ora kuwat adong dipaksa bisa nekat
awit Losari, Tanjung, Bulakamba, Brebes, Kaligangsa
rayat kosih anteng ngasab sedawane dhalan awan bengi
katon kangelan nanging tetep dilakoni
sebab sabar kuwe sejatine iman kang temenan
tak jaluk aja sampe sida ana dhalan tol sing mungkuri rejeki
olih bae saumpamane pan medaki awak karo lenga wangen
eben kaya kembang mlati sing suci lan sing ngati ati
saorane ati wis padang, nyong kye Kembang Bawang

Senggane megar katon sangar, kowen pasti atine gangsar
mikiri gantine apa? Tetaunan manglih usaha
njungkel malik kaya pitik ditarik-tarik
dietung kepetung nanging ra pernah untung
sebabe kowen igin duwe jantung gunung
nanceb matok sanduwure batok ora entok entok
nenandur sampe mata kotok
adong wis waktune ngembang eh tegane di buang
di balang-balang kaya klabang
satekane umur 333 taun sing wis tuniba
krasa tuwa nanging ora kena braja tumama
wis yuta ka rayate pan digawe susah
padahal rakyat mung kepengin kota kelahirane aman tentrem
adem ra kelem nanging kalem ora mung pengin di alem
selawase kabeh wis gelem lan gampang kesengsem
padahal sejatine ya merem-merem karo cangke menyengir mesem.

Brebes ,Januari 2011



Guritan Basa Tegal-Brebes
Dening : Diah Setyawati

GOYANG ILAT NENG KOTA BREBES


Kanggo urusan weteng,
brebes pancen nubles rasa laka tunggale
majir endog asine; nglenga ora ngisin ngisina
dicangking kanggo kanca
sate blengong pasar batang
gawe mlompong medongong
saking dawane enake por seor
durung sate mu’ine
biseng lan liya-liyane
urang windu, bandeng bakar
neng kene panggonane
gemblong ketan kaligangsa sing mrasa
jajan lapis kauman aja nganti ora keduman
brebes pancen pantes diacungi jempol
kanggo urusan goyang ilat
alias wisata kuliner pokoke pentol
kari milih kepengin apa? Cepeta kanda
ditanggung beleh bakal cua
brebes kota bawang
enak maning yen disawang
nggawe klangenan.

Januari 2011

0 komentar:

Posting Komentar

 
Gurit Dermayon © 2011 | Designed by RumahDijual, in collaboration with Online Casino, Uncharted 3 and MW3 Forum